Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Yésaya 41:10—​”Sira Aja Wedi, Sabab Ingsun Nganthi marang Sira”

Yésaya 41:10—​”Sira Aja Wedi, Sabab Ingsun Nganthi marang Sira”

 ”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé. Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé. Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.”​—Yésaya 41:10, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun bakal nyantosakaké, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.”​—Yésaya 41:10, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Yésaya 41:10

 Yéhuwah a ngyakinké umaté sing setya nèk Dhèwèké bakal ndhukung wektu umaté ngalami masalah.

 ”Aku ndhukung kowé.” Yéhuwah ngandhani umaté nèk ora perlu kuwatir merga umaté ora dhèwèkan. Yéhuwah ngerti apa sing dialami umaté. Yéhuwah ya ngrungokké apa sing didongakké karo umaté. Kuwi bukti nèk Yéhuwah ndhukung umaté.​—Mazmur 34:15; 1 Pétrus 3:12.

 ”Aku Gusti Allahmu.” Yéhuwah ngyakinké umaté nèk Dhèwèké bakal tetep dadi Gusti Allah kanggo umaté. Ora soal keadaané kaya apa, Yéhuwah bakal tetep mbantu umaté.​—Mazmur 118:6; Roma 8:32; Ibrani 13:6.

 ”Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé. Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.” Saka kata-kata iki, Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké mesthi bakal mbantu umaté. Yéhuwah ora bakal meneng waé wektu ana umaté sing butuh bantuan. Gambarané, wektu ana sing tiba, Yéhuwah bakal nggunakké tangan tengené kanggo mbantu.​—Yésaya 41:13.

 Bantuan utama sing Gusti Allah gunakké kanggo nguwatké umaté yaiku Alkitab. (Yosua 1:8; Ibrani 4:12) Contoné, ing Alkitab ana naséhat-naséhat sing isa mbantu wong-wong sing lagi ngadhepi masalah ékonomi, penyakit, lan ditinggal mati wong sing ditresnani. (Wulang Bebasan 2:6, 7) Gusti Allah ya nggunakké roh suciné kanggo mbantu umaté bèn isa kuwat wektu ngadhepi masalah.​—Yésaya 40:29; Lukas 11:13.

Latar Belakangé Yésaya 41:10

 Liwat kata-kata iki, Yéhuwah mènèhi penghiburan kanggo wong Yahudi sing bakal ditawan ing Babilon. Yéhuwah ngandhani nèk bakal ana mungsuh sing ngancurké Babilon lan bangsa-bangsa ing sekitaré. (Yésaya 41:2-4; 44:1-4) Wektu krungu berita kuwi, Babilon lan bangsa-bangsa ing sekitaré dadi kewedèn. Ning, wong Yahudi ora perlu kuwatir merga Yéhuwah bakal nglindhungi wong-wong kuwi. Wis ping telu Yéhuwah ngyakinké wong Yahudi nggunakké kata-kata ”aja wedi”.​—Yésaya 41:5, 6, 10, 13, 14.

 Senajan kata-kata ing Yésaya 41:10 ditulis kanggo wong Yahudi sing ditawan ing Babilon, ning kata-kata kuwi ya isa nguwatké kabèh umaté Yéhuwah. (Yésaya 40:8; Roma 15:4) Kaya mbiyèn, Yéhuwah ya bakal mbantu umaté saiki.

Wacanen Yésaya bab 41 karo cathetan ngisor.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.​—Mazmur 83:18.