Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

Yohanes 14:6—”Aku Iki Dalané, sarta Jatiné Kayektèn lan Kauripan”

Yohanes 14:6—”Aku Iki Dalané, sarta Jatiné Kayektèn lan Kauripan”

 ”Yésus njawab, ’Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip. Ora ana wong sing isa marani Bapak nèk ora liwat aku.’”—Yohanes 14:6, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Pangandikané Gusti Yésus: ’Aku iki dalané, sarta jatiné kayektèn lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.’”—Yohanes 14:6, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné Yohanes 14:6

 Wong sing péngin nyembah Bapak, yaiku Yéhuwah, a kudu percaya karo Yésus. Kuwi ya berarti percaya nèk Yésus nduwé tugas-tugas iki:

 ”Aku iki dalan.” Yésus kaya ”dalan” sing isa nggawé awaké dhéwé akrab karo Gusti Allah. Contoné nèk ndonga karo Gusti Allah kudu nganggo jenengé Yésus. (Yohanes 16:23, 24) Merga Yésus mati, manungsa isa dadi kancané Gusti Allah. (Roma 5:8-11) Tingkah lakuné Yésus ya dadi conto bèn awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah.—Yohanes 13:15.

 ”Aku iki . . . sing bener.” Yésus mesthi ngomongké apa sing bener lan ngetrapké kuwi. (1 Pétrus 2:22) Nèk ngrungokké Yésus, awaké dhéwé isa ngerti sing bener soal Gusti Allah. (Yohanes 8:31, 32) Yésus ya disebut ”sing bener” soalé kabèh ramalan soal dhèwèké lan janjiné Gusti Allah ing masa depan kelakon.—Yohanes 1:17; 2 Korintus 1:19, 20; Kolose 2:16, 17.

 ”Aku iki . . . sing marahi urip.” Yésus mati bèn kabèh sing percaya karo dhèwèké isa urip saklawasé. (Yohanes 3:16, 36) Dhèwèké ya disebut ”sing marahi urip”, soalé dhèwèké bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati.—Yohanes 5:28, 29; 11:25.

 ”Ora ana wong sing isa marani Bapak nèk ora liwat aku.” Nèk péngin akrab karo Gusti Allah, kudu ngakoni perané Yésus. Kuwi berarti kudu ndonga karo Gusti Allah nganggo jenengé Yésus. (Yohanes 15:16) Terus ya kudu percaya nèk manungsa isa urip saklawasé mung merga Yésus.—Kisah 4:12; Filipi 2:8-11.

Latar Belakangé Yohanes 14:6

 Ing Yohanes 13 nganti 17 disebutké soal naséhaté Yésus kanggo rasulé 11 pas bengi sakdurungé dhèwèké mati. Ing bab 14, Yésus péngin bèn murid-muridé percaya, sayang, lan manut karo Bapaké lan dhèwèké. (Yohanes 14:1, 12, 15-17, 21, 23, 24) Yésus ya nyebutké nèk dhèwèké akrab banget karo Bapaké. (Yohanes 14:10, 20, 28, 31) Meskipun ora suwé manèh arep bali ing swarga, Yésus ngomong nèk ora bakal ninggalké murid-muridé. (Yohanes 14:18) Yésus ya janji karo murid-muridé, ”Bapak bakal mènèhi kowé penolong, yaiku roh suci, nganggo jenengku.” (Yohanes 14:25-27) Yésus mènèhi naséhat ing Yohanes 13 nganti 17 kuwi bèn murid-muridé siap nèk sukmbèn ana masalah.