Langsung mlebu

Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?

Apa Dhuwit Nggawé Wong Dadi Jahat?

Jawaban ing Alkitab

 Ora. Ing Alkitab ora ana keterangan kaya ngono. Wong-wong biasané ngomong nèk dhuwit nggawé wong dadi jahat, tapi sakjané kuwi ora bener. Menurut Alkitab, sing bener kuwi ”merga nresnani dhuwit akèh wong nindakké kejahatan”.​—1 Timotius 6:10.

 Keterangan ing Alkitab soal dhuwit

 Menurut Alkitab dhuwit kuwi ”isa nglindhungi”. (Pengkhotbah 7:12) Malah, Gusti Allah péngin bèn awaké dhéwé mbantu wong liya, termasuk ngekèki dhuwit.​—Wulang Bebasan 11:25.

 Tapi, Gusti Allah ngélikké bèn awaké dhéwé aja fokus nggolèk dhuwit. Ing Alkitab disebutké, ”Aja nresnani dhuwit. Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni.” (Ibrani 13:5) Dadi, sing salah kuwi nèk awaké dhéwé terus fokus nggolèk dhuwit. Awaké dhéwé kuduné ngrasa puas karo apa sing wis diduwèni, misalé panganan, klambi, lan panggonan.​—1 Timotius 6:8.

 Menurut Alkitab, ngapa kok srakah kuwi bahaya?

 Wong sing srakah kuwi ora isa urip saklawasé. (Éfésus 5:5) Menurut Alkitab, srakah kuwi padha karo nyembah brahala. (Kolose 3:5) Sakliyané kuwi, nèk srakah awaké dhéwé isa waé dadi nglanggar pathokan-pathokan ing Alkitab. Ing Wulang Bebasan 28:20 disebutké, ”Wong sing péngin cepet sugih mesthi bakal nindakké kesalahan.” Misalé, wong sing srakah isa waé dadi ngapusi, korupsi, utawa matèni wong liya.

 Meskipun awaké dhéwé mungkin ora nganti kaya ngono, tapi nèk srakah kuwi tetep ana akibaté. Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing péngin banget dadi sugih bakal kegodha, kena jerat, lan kejebak karo akèh kepénginan sing ora ana gunané lan nggawé rugi.”​—1 Timotius 6:9.

 Manfaaté nèk manut karo pathokan ing Alkitab

 Nèk awaké dhéwé manut karo pathokan ing Alkitab soal dhuwit, kuwi isa nggawé Gusti Allah seneng. Gusti Allah janji, ”Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.” (Ibrani 13:5, 6) Gusti Allah ya janji, ”Wong sing setya bakal nampa akèh berkah.”​—Wulang Bebasan 28:20.