Langsung mlebu

Apa Isiné Alkitab Isih Padha Kaya Asliné?

Apa Isiné Alkitab Isih Padha Kaya Asliné?

 Isih. Isiné Alkitab isih padha kaya asliné meskipun wis bola-bali disalin nganggo bahan sing ora awèt.

Apa kuwi berarti penyalin Alkitab ora tau salah nyalin wektu nyalin isiné Alkitab?

 Naskah Alkitab kuna ana akèh. Nèk naskah-naskah kuwi dibandhingké, mémang ana sing béda. Kuwi berarti isa waé pas disalin ana sing salah. Biasané salahé ora parah nganti ngubah isiné Alkitab. Tapi, ana sing salahé bener-bener parah soalé mbiyèn ana sing sengaja ngubah isiné Alkitab. Contoné:

  1.   Ana sing nerjemahké 1 Yohanes 5:7, ”ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta kateluné iku dadi siji”. Tapi sakjané ing naskah asliné keterangan kuwi ora ana. Kuwi ditambahi dhéwé karo sing nerjemahké. a Makané, keterangan kuwi ora ana ing terjemahan Alkitab saiki.

  2.   Jenengé Gusti Allah ditulis ping akèh ing naskah Alkitab kuna, tapi ana penerjemah sing ngganti jeneng kuwi nganggo sebutan ”Gusti” utawa ”Gusti Allah”.

Apa buktiné nèk salinan Alkitab ora ana sing salah manèh?

 Karena wis ana akèh naskah Alkitab kuna sing ditemokké, dadi nèk ana salinan sing salah awaké dhéwé isa langsung ngerti. b Sakwisé naskah-naskah kuna kuwi dibandhingké, apa kesimpulané?

  •   Ahli sing jenengé William H. Green ngomong soal naskah Kitab-Kitab Ibrani (sing biasané disebut Perjanjian Lawas), ”Ora ana naskah liya selain Alkitab sing salinané isa persis kaya asliné.”

  •   Peneliti Alkitab sing jenengé F. F. Bruce nulis soal Kitab-Kitab Yunani Kristen, utawa ”Perjanjian Anyar”, ”Nèk buku liyané waé ora ana sing maido, kuduné Alkitab ya ora dipaido soalé ana akèh buktiné nèk Alkitab isih padha kaya asliné.”

  •   Peneliti naskah Alkitab sing jenengé Sir Frederic Kenyon ngomong nèk awaké dhéwé ”isa yakin tenan nèk Alkitab kuwi omongané Gusti Allah. Meskipun wis disalin bola-bali, isiné Alkitab isih tetep padha kaya asliné.”

Ngapa kok isa yakin nèk isiné Alkitab isih padha kaya asliné?

a Keterangan kuwi ora ana ing Kodeks Sinaitikus, Kodeks Aleksandrinus, naskah kuna Vatikanus taun 1209, naskah asli Vulgata Latin, Philoxenian-Harclean versi basa Siria, utawa Pesyita Siria.

b Contoné, wis ditemokké luwih saka 5.000 naskah Yunani sing biasané disebut Perjanjian Anyar utawa Kitab-Kitab Yunani Kristen.

c Menurut Alkitab ora ana abdiné Gusti Allah sing sampurna. Ing Alkitab ditulis, ”Ora ana wong sing ora dosa.”​—1 Para Raja 8:​46.

d Meskipun nulisé ora didhikté, para penulis Alkitab dituntun Gusti Allah.​—2 Timotius 3:​16, 17; 2 Pétrus 1:​21.