Langsung mlebu

Mung Yéhuwah Gusti Allah sing Bener

Drama audio iki nyritakké kedadéan sekitar taun 1.000 SM. Drama iki nyritakké piyé Yéhuwah mbuktèkké dadi Allah sing bener lan mbuktèkké nèk Baal kuwi allah palsu. Élia manggon karo bangsa lan raja sing ora nyembah Yéhuwah, lan imam-imam sing jahat. Ning, Yéhuwah terus mbantu Élia. Gatèkna piyé Yéhuwah mbuktèkké dadi Gusti Allah sing bener lan piyé Yéhuwah terus dadi Allah sing bener nganti saiki.

Dhasaré saka 1 Para Raja 16:29-​33; 1 Para Raja 17:​1-7; 1 Para Raja 18:17-​46; lan 1 Para Raja 19:​1-8.