Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PITAKONAN 2

Piyé Carané Isa Kenal Gusti Allah?

”Kowé kudu terus ngomongké isiné buku Hukum iki. Kowé kudu maca lan mikirké kuwi tenanan awan lan bengi supaya kowé isa manut karo sing ditulis ing kono. Nèk kuwi mbok lakoni, sing mbok tindakké bakal berhasil lan kowé dadi wong sing wicaksana.”

Yosua 1:8

”Wong-wong Lèwi kuwi padha macakké buku Hukumé Gusti Allah sing bener, nerangké maksudé, lan njelaské artiné, bèn wong-wong padha ngerti apa sing lagi diwacakké.”

Néhémia 8:8

”Wong sing bahagia kuwi wong sing ora manut karo naséhaté wong jahat. . . . Dhèwèké seneng karo hukumé Yéhuwah. Dhèwèké maca lan mikirké tenanan hukum kuwi awan lan bengi. . . . Kabèh sing ditindakké mesthi bakal berhasil.”

Mazmur 1:1-3

”Terus, Filipus mlayu ing sebelahé kréta kuwi lan krungu pejabat Étiopia kuwi lagi maca tulisané Nabi Yésaya. Filipus takon, ’Apa njenengan paham karo sing njenengan waca kuwi?’ Pejabat Étiopia kuwi njawab, ’Piyé aku isa paham nèk ora ana sing njelaské marang aku?’”

Kisah 8:30, 31

”Kèt donya iki diciptakké, manungsa isa ngerti nèk Gusti Allah nduwé kuwasa lan nèk Dhèwèké kuwi bener-bener Gusti Allah senajan Gusti Allah ora kétok, merga sipat-sipat kuwi isa dipahami saka kabèh ciptaané. Mula, wong-wong kuwi ora isa alesan manèh.”

Roma 1:20

”Kowé kudu mikirké tenanan soal kuwi lan ngupaya tenanan nindakké kuwi bèn kabèh wong isa ndelok nèk kowé kuwi wong Kristen sing déwasa.”

1 Timotius 4:15

”Ayo nggatèkké sedulur liya bèn awaké dhéwé isa saya nresnani liyané lan nindakké apa sing apik. Aja nganti awaké dhéwé nganggep nèk ngumpul kanggo ngibadah kuwi ora penting.”

Ibrani 10:24, 25

”Nèk ing antaramu ana sing kurang wicaksana, dhèwèké kudu njaluk marang Gusti Allah bèn diwènèhi kawicaksanan, merga Gusti Allah bakal murah hati wektu mènèhké kuwi lan ora nggolèk-nggolèk salahmu.”

Yakobus 1:5