Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Kersané Gusti Allah?

Apa Kersané Gusti Allah?

Gusti Allah kepéngin manungsa bisa urip rukun lan ayem tentrem ing bumi pirdus salawasé.

Nanging, bisa waé panjenengan takon, ”Apa kuwi mungkin?” Alkitab kandha yèn Kratoné Gusti Allah sing bakal nggawé kabèh kuwi kelakon. Gusti Allah kepéngin kabèh wong sinau bab Kratoné lan bab kersané kanggo manungsa.Jabur 37:11, 29; Yésaya 9:6.

Gusti Allah kepéngin manungsa éntuk paédah saka tuntunané.

Kaya bapak sing kepéngin anak-anaké urip kepénak, Gusti Allah uga kepéngin manungsa tentrem rahayu salawasé. (Yésaya 48:17, 18) Gusti Allah janji yèn wong sing ”nglakoni karsané Gusti Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé”.1 Yokanan 2:17.

Gusti Allah kepéngin manungsa manut karo kersané.

Alkitab kandha yèn Gusti Allah kepéngin ”paring piwulang marang kita bab margi-marginé” supaya manungsa bisa ”padha lumaku ing kono”. (Yésaya 2:2, 3) Gusti Allah wis ngatur lan ”milih satunggaling bangsa . . . kagem asmanipun” kanggo martakaké kersané ing salumahing bumi.Para Rasul 15:14.

Gusti Allah kepéngin supaya manungsa bisa bebarengan ngibadah marang Gusti Allah.

Merga diajari carané nresnani wong liya, ibadah sing sejati marang Yéhuwah nggawé rukun wong-wong, ora malah nggawé bubrah. (Yokanan 13:35) Sapa sing mulang carané ngabdi bebarengan marang Gusti Allah ing jaman saiki? Golèkana jawabané ing buku iki.