Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

sinceLF/E+ via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Apa Ana Harapan kanggo Wong-Wong sing Kena Dampak Perang?

Apa Ana Harapan kanggo Wong-Wong sing Kena Dampak Perang?

 Ana laporan saka Perserikatan Bangsa-Bangsa:

  •   Kèt 7 nganti 23 Oktober 2023, merga perang antara Gaza lan Israel ana luwih saka 6.400 wong sing mati lan 15.200 sing luka-luka. Sing dadi korban akèh-akèhé kuwi warga biasa, dudu tentara. Terus ya ana atusan èwu wong sing ngungsi.

  •   Menurut laporan tanggal 24 September 2023, perang antara Rusia lan Ukraina nyebabké 9.701 warga sing mati lan 17.748 sing luka-luka ing Ukraina.

 Ing Alkitab ana harapan apa kanggo wong-wong sing kena dampak perang?

Harapan ing Alkitab

 Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah bakal ”ngendhegké perang ing bumi”. (Mazmur 46:9) Mengko kabèh pamréntahané manungsa bakal disingkirké lan Kerajaané Gusti Allah bakal mréntah. (Danièl 2:44) Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah keadaané bakal pénak lan ora ana sing susah.

 Yésus Kristus sing dadi Raja Kerajaané Gusti Allah bakal:

  •   ”Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. Dhèwèké ya bakal nylametké wong cilik lan wong sing ora digatèkké. Dhèwèké bakal mesakké karo wong cilik lan wong mlarat. Dhèwèké bakal nylametké wong mlarat. Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”—Mazmur 72:12-14.

 Liwat Kerajaané, Gusti Allah bakal nyingkirké kesusahan sing disebabké perang lan kejahatan.

  •   ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”—Wahyu 21:4.

 Ora suwé manèh, Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé keadaan ing bumi dadi luwih apik. Ing Alkitab ana ramalan nèk bakal ana ”perang lan berita-berita soal perang”. Kuwi wis kelakon saiki. (Matius 24:6) Ramalan sing kelakon saiki mbuktèkké nèk awaké dhéwé urip ing ”akhir jaman”.—2 Timotius 3:1.