Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Penemuan Sejarah Mbuktèkké Panggonané Salah Siji Suku Israèl

Penemuan Sejarah Mbuktèkké Panggonané Salah Siji Suku Israèl

 Nurut Alkitab, sakwisé bangsa Israèl mlebu ing Tanah Perjanjian, bangsa kuwi mbagi-mbagi dhaérah kanggo saben suku. Sepuluh keturunan saka suku Manasyé éntuk dhaérah ing sisih baraté Kali Yordan. Keturunan liyané éntuk dhaérah ing sisih timuré Kali Yordan. (Yusak 17:1-6) Apa ana penemuan sejarah sing mbuktèkké nèk kuwi bener?

 Ing taun 1910, ana 102 pecahan tanah liat saka abad kewolu sakdurungé Masèhi sing ditemokké ing Samaria. Ing pecahan tanah liat kuwi ana ukiran tulisan Ibrani sing isiné cathetan pengiriman barang-barang méwah, kaya minuman anggur lan minyak kecantikan, kanggo istana ing Samaria. Saka 102 pecahan, sing isih isa diwaca tulisané mung 63. Ning, nèk informasi saka 63 pecahan kuwi digabungké, awaké dhéwé isa ngerti tanggal, jeneng-jeneng keturunané Manasyé, lan jenengé sing ngirim karo sing nampa barang-barang kuwi.

 Kabèh jeneng keturunan sing ana ing pecahan-pecahan kuwi asalé saka suku Manasyé. Nurut NIV Archaeological Study Bible, pecahan-pecahan iki ”mbuktèkké nèk keturunan Manasyé mémang manggon ing dhaérah sing disebutké ing Alkitab”.

Ing ukiran iki, ana jenengé wong wédok keturunan Manasyé, yaiku Noa

 Pecahan-pecahan kuwi ya mbuktèkké tulisané Amos soal wong-wong sugih ing jaman kuwi. Amos nulis nèk wong-wong kuwi ”seneng ngombé anggur ing tuwung lan nganggo wewangèn sing wangi banget”. (Amos 6:1, 6, Basa Jawi Padintenan) Pecahan-pecahan kuwi mbuktèkké nèk barang-barang kuwi tau dikirim ing dhaérahé sepuluh keturunan saka suku Manasyé.