Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Temuan Arkéologi Nduduhké Nèk Raja Daud Kuwi Tokoh Sejarah

Temuan Arkéologi Nduduhké Nèk Raja Daud Kuwi Tokoh Sejarah

 Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk Raja Daud urip ing abad kesewelas sakdurungé Masèhi lan keturunané mréntah Israèl saksuwéné atusan taun. Ning, ana kritikus sing nganggep nèk Raja Daud kuwi mung mitos. Apa Raja Daud kuwi tokoh sing nyata?

 Ing taun 1993, arkéolog sing jenengé Avraham Biran lan timé nemokké potongan batu saka abad kesanga sakdurungé Masèhi ing Tel Dan, sebelah utara Israèl. Ing potongan batu kuwi ana tulisan sing diukir nggunakké huruf Semitik kuno, tulisané yaiku, ”Keluarga Kratoné Daud”. Potongan batu kuwi bagéan saka monumèn sing digawé wong Aram kanggo pamèr nèk wong-wong kuwi wis tau ngalahké wong-wong Israèl.

 Artikel saka Bible History Daily kandha nèk lèmpèngan batu sing ana tulisan ”Keluarga Kratoné Daud” iki ora isa nduduhké nèk Daud kuwi tokoh sejarah. Ning, artikel kuwi ya kandha, ”Akèh pakar Alkitab lan arkéolog setuju nèk Prasasti Tel Dan kuwi bukti pertama sing nduduhké nèk Raja Daud sing ana ing Alkitab kuwi bener-bener tokoh sejarah. Prasasti iki dadi salah siji penemuan sing paling penting sing tau dilaporké majalah BAR [Biblical Archaeology Review].”