Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nduduhké Katresnan

Nduduhké Katresnan

Faktané

Nyingkirké prasangka kuwi ora gampang. Njenengan butuh wektu lan upaya. Dadi, apa sing isa njenengan tindakké bèn isa nyingkirké prasangka?

Kandhané Alkitab

”Duduhna katresnan, merga katresnan kuwi nggawé wong-wong bener-bener nyawiji.”​—KOLOSE 3:14.

Apa artiné? Apikan karo wong liya kuwi isa nggawé rukun. Nèk njenengan apikan, njenengan isa nyingkirké prasangka lan rasa sengit karo wong liya.

Sing Isa Njenengan Tindakké

Njenengan isa apikan lan nresnani wong-wong saka kelompok sing njenengan anggep èlèk. Njenengan ora perlu nggunakké cara sing angèl. Cobanen cara-cara iki:

Njenengan isa nyingkirké prasangka nggunakké cara sing sederhana

  • Mbukakké lawang utawa mènèhi lungguhan wektu ing bis.

  • Ngupaya ngejak ngobrol senajan wong kuwi ora lancar nggunakké basané njenengan.

  • Tetep sabar wektu tumindaké wong kuwi kétok anèh.

  • Ngrungokké tenanan wektu wong kuwi crita soal masalahé.