Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong-wong sing dislametké bakal urip ing bumi pirdus

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Kandhané Alkitab?

Apa kita urip ing ”dina-dina wekasan”?

Apa jawaban panjenengan?

  • Iya

  • Ora

  • Ora ngerti

Kandhané Alkitab

”Ing dina-dina wekasan bakal ana mangsa kang rekasa.” (2 Timotéus 3:1) Kahanan donya saiki cocog karo ramalané Alkitab. Kuwi bukti nèk saiki wis ”dina-dina wekasan”.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Dina-dina wekasan kuwi tandhané ana perang, kurang pangan, lindhu, sarta penyakit sing nular lan marahi mati.Matéus 24:3, 7; Lukas 21:11.

  • Ing dina-dina wekasan, manungsa bakal ngalami kahanan moral lan rohani sing bobrok.2 Timotéus 3:2-5.

Kepriyé kahanané donya sukmbèn?

Ana sing percaya . . . nèk sukmbèn bumi lan manungsa bakal diancurké. Ana manèh sing percaya nèk kahanan donya bakal dadi luwih apik. Piyé nurut panjenengan?

Kandhané Alkitab

”Para wong mursid [tumindaké bener] padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.”Jabur 37:29.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?