Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong-wong saka akèh agama percaya nèk manungsa nduwé roh sing ora isa mati

BAB UTAMA | APA KANDHANÉ ALKITAB BAB URIP LAN PATI?

Apa Kandhané Wong-Wong?

Apa Kandhané Wong-Wong?

PANDHANGANÉ wong-wong bab urip lan pati kuwi béda-béda. Ana sing percaya nèk sakwisé mati, manungsa isih urip nganggo wujud liya utawa ing panggonan liya. Ana uga sing percaya nèk wong mati bakal dilairké manèh nganggo wujud liya. Liyané percaya nèk wong mati kuwi wis ora nduwé pangarep-arep manèh.

Panjenengan mbokmenawa nduwé pandhangan dhéwé manut budaya utawa ajaran sing ditampa wiwit cilik. Dadi, pendhapat bab pati kuwi ana akèh lan béda-béda. Lha terus, ing ngendi kita isa éntuk katrangan sing bener lan isa dipercaya?

Para pemimpin agama wis atusan taun mulangké ajaran bab roh sing isih urip sakwisé manungsa mati. Akèh wong sing agamané Kristen, Hindu, Yahudi, Islam, lan liya-liyané percaya nèk sing mati kuwi mung ragané thok, ning rohé isih urip ing alam liya. Wong-wong Budha percaya nèk wong mati kuwi isih nduwé daya utawa kekuwatan, sing isa dilairké manèh ping bola-bali nganti ngalami kahanan sing sampurna, sing disebut Nirwana.

Merga ana ajaran-ajaran kuwi, akèh wong percaya nèk pati kuwi dadi dalan menyang urip ing alam liya. Akèh wong nganggep nèk pati kuwi wis kersané Gusti Allah sing kudu dilakoni wong urip. Apa kandhané Alkitab bab kuwi? Coba gatèkna katrangan ing artikel sakbanjuré.