Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | MALAÉKAT—ANA TENAN APA ORA?

Carané Malaékat Mbantu Panjenengan

Carané Malaékat Mbantu Panjenengan

Para malaékat sing setya nggatèkké manungsa lan seneng nindakké kersané Yéhuwah. Wektu Gusti Allah nggawé bumi, para malaékat ”padha asuka-rena bebarengan tuwin para putraning Allah padha asurak-surak”. (Ayub 38:4, 7) Wiwit mbiyèn, para malaékat péngin ngerti bab ramalan-ramalan kanggo donya mbésuk.​—1 Pétrus 1:11, 12.

Alkitab njelaské nèk para malaékat kadhang kala nglindhungi para abdiné Gusti Allah supaya kersané Gusti Allah kelakon. (Jabur 34:8) Contoné:

  • Wektu Yéhuwah ngancurké kutha Sodom lan Gomora sing jahat, para malaékat mbantu Lut lan keluargané kanggo mlayu saka kutha kuwi.​—Purwaning Dumadi 19:1, 15-26.

  • Ing Babilon mbiyèn, wektu ana cah enom telu saka Ibrani sing diukum mati ing ”pawon kang murub”, Gusti Allah ”ngutus malaékaté lan ngluwari abdi-abdiné”.​—Dhanièl 3:19-28.

  • Dhanièl isa slamet sakwisé sewengi muput ing guwa sing kebak singa, merga ’Allah sampun ngutus malaékaté mbungkem cangkemé singa-singa’ kuwi.​—Dhanièl 6:16, 22.

Wiwit mbiyèn para malaékat mbantu wong-wong sing setya

PARA MALAÉKAT NDHUKUNG WONG-WONG KRISTEN ING ABAD KAPISAN

Kadhang kala, malaékat campur tangan kanggo ndhukung kagiyatan ing jemaat Kristen abad kapisan kanggo nindakké kersané Yéhuwah. Contoné:

  • Ana malaékat sing mbukakké lawang penjara lan ngongkon para rasul kanggo neruské nginjil ing bait.​—Para Rasul 5:17-21.

  • Ana malaékat sing ngarahké Filipus supaya lunga menyang dalan sepi saka Yérusalèm menyang Gaza lan nginjil marang wong Étiopia sing bar ngibadah ing Yérusalèm.​—Para Rasul 8:26-33.

  • Wektu wis wanciné wong sing dudu Yahudi dadi Kristen, ana komandhan tentara Romawi, sing jenengé Kornélius, sing éntuk wahyu lan isa ndelok malaékat ngarahké dhèwèké supaya nggolèki rasul Pétrus.​—Para Rasul 10:3-5.

  • Wektu rasul Pétrus dipenjara, ana malaékat sing nemoni lan mbantu Pétrus metu saka penjara.​—Para Rasul 12:1-11.

CARANÉ MALAÉKAT MBANTU PANJENENGAN

Pancèn ora ana bukti sing nduduhké nèk Gusti Allah saiki nggunakké malaékat kanggo nulungi manungsa nganggo cara sing dicritakké ing Alkitab mau. Ning, Yésus kandha, ”Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa. Sawisé iku lagi dina wekasan.” (Matéus 24:14) Apa panjenengan ngerti nèk para malaékat saiki ngawasi para muridé Yésus sing lagi nindakké gawéan nginjil?

Para malaékat mbantu martakké kabar apik ing saklumahing bumi

Buku Wahyu njelaské nèk para malaékat mempeng mbantu wong-wong kanggo sinau bab Yéhuwah lan kersané kanggo manungsa. Rasul Yokanan nulis, ”Aku tumuli weruh malaékat liyané mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakaké marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhéngah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan, pangandikané kalawan swara seru: ’Padha wedi-asiha marang Gusti Allah lan caosana kaurmatan, awit wektuning pangadilané wus teka, sarta padha sujuda marang Panjenengané kang wus nitahaké langit lan bumi tuwin sagara apadéné sakèhé tuking banyu.’” (Wahyu 14:6, 7) Ing jaman saiki, akèh pengalaman sing mbuktèkké nèk para malaékat ndhukung gawéan nginjil ing saklumahing bumi. Malah, wektu ana wong siji sing mratobat lan bali ngabdi marang Yéhuwah, ’para malaékat bakal padha bungah-bungah’.​—Lukas 15:10.

Apa sing bakal kelakon nèk gawéan nginjil iki wis rampung? Para malaékat sing dadi ”wadya-bala ing swarga” bakal ndhukung Yésus, Rajané para raja, ing Armagédhon, yaiku ’perang ing dinané Gusti Allah kang Mahakuwaos’. (Wahyu 16:14-16; 19:14-16) Sukmbèn, Yésus bakal ngadili lan nggunakké para malaékat sing prakosa kanggo ’ndhawahaké piwales marang wong-wong kang padha ora mbangun-miturut marang Injilé Gusti Yésus, Gusti kita’.​—2 Tésalonika 1:7, 8.

Panjenengan isa yakin nèk para malaékat perduli marang panjenengan lan péngin bèn kabèh wong isa dadi abdiné Gusti Allah lan dislametké. Yéhuwah wis bola-bali nggunakké para malaékat kanggo nguwatké lan nglindhungi para abdiné sing setya ing bumi.​—Ibrani 1:14.

Saiki, kita kabèh kudu nggawé pilihan: Apa aku gelem ngrungokké lan manut marang kabar apik sing lagi diwartakké ing saklumahing bumi? Seksi-Seksi Yéhuwah ing dhaérah panjenengan mesthi seneng kanggo mbantu panjenengan bèn éntuk paédah saka bantuané para malaékat sing prakosa.