Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Lefèvre d’Étaples Péngin Wong-Wong Biyasa Ngerti Isiné Alkitab

Lefèvre d’Étaples Péngin Wong-Wong Biyasa Ngerti Isiné Alkitab

DINA minggu ésuk taun 1520-an, wong-wong ing kutha Meaux, kutha cilik cedhaké Paris, kaget wektu krungu Injil diwacakké ing gréja. Injil kuwi ora diwacakké ing basa Latin, ning nganggo basa sing umum digunakké, yaiku basa Prancis.

Kuwi isa kelakon merga idéné penerjemah Alkitab sing jenengé Jacques Lefèvre d’Étaples (ing basa Latin, Jacobus Faber Stapulensis). Dhèwèké nyurati kanca cedhaké, ”Kowé mesthi ora nyangka nèk Gusti Allah isa ngarahké wong-wong biyasa bèn ngerti pangandikané.”

Wektu kuwi, Gréja Katolik lan para téolog utawa ahli agama ing Paris nglarang nggunakké terjemahan Alkitab ing basa sing umum digunakké. Lha terus, apa sebabé Lefèvre nerjemahké Alkitab ing basa Prancis? Lan piyé carané dhèwèké mbantu wong-wong biyasa ngerti pangandikané Gusti Allah?

NGGOLÈKI PANGERTÈN SING BENER SAKA AlKITAB

Sakdurungé dadi penerjemah Alkitab, Lefèvre seneng sinau buku-buku filsafat lan teologi kuna. Dhèwèké nggatèkké nèk tèks-tèks kuna kuwi wis akèh sing diowahi lan klèru tegesè. Merga péngin ngerti tegesé sing sak tenané, dhèwèké mulai sinau tenanan nggunakké Alkitab standar saka Gréja Katolik, sing disebut Vulgata Latin.

Wektu sinau Alkitab, dhèwèké nyimpulké nèk ”sinau pangertèn sing bener saka Alkitab kuwi . . . marahi seneng banget.” Mula, Lefèvre mandheg sinau filsafat lan ngupaya tenanan kanggo nerjemahké Alkitab.

Ing taun 1509, Lefèvre nggawé perbandhingan saka limang terjemahan kitab Jabur ing basa Latin sing béda-béda, * klebu Vulgata sing wis dibenerké dhéwé. Béda karo para téolog ing jamané, Lefèvre ngupaya nemokké cara sing wajar lan sedherhana kanggo nerangké isiné Alkitab. Cara sing digunakké kuwi gedhé pengaruhé kanggo para ahli Alkitab lan wong liyané.​—Deloken kothak ” Pengaruh Terjemahané Lefèvre kanggo Martin Luther”.

Daftar sebutané Gusti Allah ing kitab Jabur sing ana ing Fivefold Psalter, terbitan taun 1513

Merga lair ing keluarga Katolik, Lefèvre percaya nèk gréja isa maju nèk wong-wong biyasa diajari pangertèn sing bener saka Alkitab. Ning, piyé carané wong-wong biyasa isa ngerti Alkitab nèk akèh-akèhé terjemahan Alkitab ditulis ing basa Latin?

TERJEMAHAN ALKITAB KANGGO KABÈH WONG

Bagéan pambuka ing Injil sing digawé Lefèvre njelaské kepénginané Lefèvre bèn Alkitab diterjemahké ing basa sing umum digunakké

Merga ngajèni Alkitab banget, Lefèvre péngin kabèh wong isa maca Alkitab. Mula, ing sasi Juni 1523, dhèwèké nggawé rong jilid terjemahan Injil ing basa Prancis, sing ukurané cilik lan isa dilebokké kanthong. Merga ukurané cilik, regané mung separoné rega Alkitab sing wis ana. Mula, wong-wong sing ora mampu isa tuku terjemahan Alkitab kuwi.

Wong-wong kuwi seneng lan semangat banget kanggo maca ajarané Yésus nganggo basané dhéwé. Mung pirang sasi thok, 1.200 buku langsung entèk.

KENDEL MBÉLA ALKITAB

Ing bagéan pambuka Injil kuwi, Lefèvre njelaské alesané nerjemahké Alkitab ing basa Prancis, yaiku bèn ”wong-wong biyasa” ing gréja ”isa ngerti pangertèn sing bener kaya wong-wong sing isa maca basa Latin”. Ning, apa sebabé Lefèvre péngin banget mbantu wong-wong ngerti ajarané Alkitab?

Lefèvre sadhar nèk Gréja Katolik wis dipengaruhi karo filsafat lan ajarané manungsa. (Markus 7:7; Kolosé 2:8) Dhèwèké yakin nèk saiki wis wektuné kanggo ”ngumumké pangertèn sing bener saka Injil ing saklumahing bumi, bèn wong-wong ora disesatké manèh karo ajarané manungsa”.

Lefèvre uga ngelokké wong-wong sing nentang penerjemahan Alkitab ing basa Prancis. Wong-wong kuwi diarani munafik lan nduwé pandhangan sing klèru. Dhèwèké kandha, ”Piyé carané wong-wong biyasa isa diajari carané ngetrapké piwulangé Yésus, nèk ora isa maca Injil ing basané dhéwé?”​—Rum 10:14.

Para teolog ing University of Paris, Sorbonne, langsung ngupaya mbungkem Lefèvre. Ing taun 1523, wong-wong kuwi nolak terjemahan lan katrangan Alkitab ing basa sing umum digunakké, merga jaréné kuwi ”bahaya kanggo gréja”. Lefèvre isa waé dihukum merga dianggep mbrontak nglawan gréja. Ning ora sida merga ana campur tangan saka Raja Francis I saka Prancis.

MENENG-MENENG TERJEMAHANÉ RAMPUNG

Lefèvre tetep terus nerjemahké Alkitab senajan akèh tantangan. Ing taun 1524, dhèwèké ngrampungké terjemahan Kitab-Kitab Yunani (sing disebut Perjanjian Anyar). Banjur, Lefèvre nerjemahké buku Jabur ing basa Prancis, bèn wong-wong sing percaya isa ndonga ”luwih kusuk lan tenanan”.

Para téolog ing Sorbonne langsung nliti terjemahané Lefèvre, banjur mréntahké bèn terjemahan Kitab-Kitab Yunani kuwi diobong ing ngarepé wong akèh. Para téolog kuwi uga ngelokké tulisan liyané sing dianggep ”ndhukung Luther, wong sing nglawan gréja”. Wektu para teolog ngundang Lefèvre kanggo nerangké pandhangané, Lefèvre pilih tetep meneng lan mlayu menyang Strasbourg. Ing kono, dhèwèké meneng-meneng terus nerjemahké Alkitab. Senajan ana sing ngarani nèk Lefèvre kuwi jirih, ning Lefèvre percaya nèk kuwi cara sing paling apik kanggo nanggepi wong sing ora ngajèni pangertèn sing bener saka Alkitab sing kaya ”mutyara”.​—Matéus 7:6.

Mèh setaun sakwisé kuwi, Raja Francis I ngongkon Lefèvre dadi guru kanggo anak lanangé sing umur patang taun sing jenengé Charles. Kuwi kesempatan kanggo Lefèvre kanggo ngrampungké terjemahan Alkitabé. Ing taun 1530, terjemahan Alkitab sing komplit dicétak ing sak njabané Prancis, yaiku ing kutha Antwerp, Belgia, sing disetujoni karo Kaisar Charles V. *

KEPÉNGINANÉ GEDHÉ NING ORA KELAKON

Lefèvre percaya banget nèk ”saben wong Kristen nduwé hak lan uga kewajiban kanggo maca lan sinau Alkitab dhéwé”. Mula, Lefèvre ngupaya tenanan bèn kabèh wong nduwé Alkitab. Dhèwèké péngin gréja ora mèlu-mèlu tradisi manungsa lan balik ngajarké sing bener saka Alkitab. Senajan kepénginané kuwi ora kelakon, terjemahané Lefèvre wis kelakon mbantu wong-wong ngerti pangandikané Gusti Allah.

^ par. 8 Isiné Fivefold Psalter yaiku perbandhingan saka limang terjemahan kitab Jabur sing disusun ing kolom-kolom. Ing kono uga ana daftar sebutané Gusti Allah lan Tetragramaton, yaiku asmané Gusti Allah sing ditulis nganggo patang huruf Ibrani.

^ par. 21 Limang taun sakbanjuré, ing taun 1535, penerjemah saka Prancis sing jenengé Olivétan, nggawé terjemahan Alkitab dhéwé saka basa asliné. Wektu nerjemahké Kitab-Kitab Yunani, dhèwèké nggunakké terjemahané Lefèvre dadi réferènsi.