Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | HADIAH APA SING PALING AJI?

”Iki Hadiah Paling Aji sing Tau Tak Tampa”

”Iki Hadiah Paling Aji sing Tau Tak Tampa”

Kuwi sing dirasakké karo cah wédok sing umuré 13 taun wektu éntuk hadiah kirik. Ana wong wédok sing usahané suksès kandha nèk komputer sing dikèki karo bapaké wektu dhèwèké isih SMA kuwi hadiah sing paling aji. Ana wong lanang sing lagi waé setaun nikah, ngrasa nèk hadiah ulang taun pernikahan saka bojoné kuwi hadiah paling aji sing tau ditampa.

Saben taun, akèh sing nggunakké wektu lan tenagané kanggo nggolèk hadiah sing ”paling aji” kanggo kanca utawa sedulur ing kesempatan kusus. Akèh sing seneng nèk tanggepané wong sing nampa hadiah padha kaya wong-wong sing disebutké mau. Piyé nurut panjenengan? Apa panjenengan kepéngin mènèhi utawa nampa hadiah sing aji?

Mènèhi hadiah kuwi isa gedhé banget pengaruhé. Kuwi isa marahi seneng wong sing nampa lan uga sing mènèhi. Alkitab kandha, ”Rahayu wong wèwèh, katimbang karo nampani.” (Para Rasul 20:35) Pancèn, kita isa luwih seneng manèh nèk hadiah sing kita wènèhké diajèni banget karo wong sing nampa.

Piyé carané bèn hadiah sing kita wènèhké isa dadi sumber kabungahan kanggo kita lan sing nampa? Lan nèk kita rumangsa ora isa mènèhi hadiah sing ”paling aji”, apa sing isa ditindakké bèn wong liya isa ngajèni hadiah saka kita?