Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 113

Kedamaian saka Yéhuwah

Kedamaian saka Yéhuwah

(Yohanes 14:27)

  1. 1. Gusti Allah Yéhuwah

    péngin umaté

    ngrasakké kedamaian

    nganti s’lawasé.

    Liwat Yésus Anaké,

    Huwah nyingkirké

    perang kanggo s’lawasé,

    Damai bakalé.

  2. 2. Yésus mulang muridé

    liwat contoné,

    T’rus ngampuni liyané,

    Lali salahé.

    Ayo padha nyingkirké

    rasa dendamé,

    Rukun karo liyané,

    Damai rasané.

  3. 3. Isa damai umaté,

    Kuwi mbuktèkké

    Allah Huwah mberkahi

    kabèh umaté.

    Rukun dadi abdiné

    saben dinané,

    Damai keadaané

    nganti s’lawasé.