Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 128

Setya Nganti Akhir

Setya Nganti Akhir

(Matius 24:13)

  1. 1. Janjiné Yah ing Alkitab

    isa dipercaya.

    Kudu yakin nèk Yéhuwah

    mbantu abdiné setya.

    Kudu percaya Yéhuwah

    wektu ana masalah.

    Nèk berhasil diatasi,

    Imanmu tambah kuwat.

  2. 2. Aja nganti ’ra semangat

    pas ana masalah.

    Wong sing setya lan percaya

    mesthi dibantu Huwah.

    Wong-wong sing sayang Yéhuwah

    bakal t’rus dilindhungi,

    Mesthi bakal dikuwatké

    lan terus diberkahi.

  3. 3. Wong sing setya nganti akhir

    bakal dislametké.

    Yéhuwah ’ra bakal lali

    wong sing kuwat tékadé.

    Terus kuwatna imanmu,

    Setya dadi abdiné.

    Uripmu bakal nyenengké,

    Lan Yah seneng atiné.