Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 28

Dadi Kancané Yéhuwah

Dadi Kancané Yéhuwah

(Mazmur 15)

  1. 1. Sapa kanca-Mu, Yah,

    Manggon ing kémah-Mu?

    Sapa dadi kanca akrab-Mu

    lan ngerti sifat-Mu?

    Sing manut préntah-Mu,

    Manut aturan-Mu,

    Wong-wong sing adil lan sing setya,

    Sing manut hukum-Mu.

  2. 2. Sapa kanca-Mu, Yah,

    Sing dadi abdi-Mu?

    Sapa dadi kanca cedhak-Mu,

    Nyenengké ati-Mu?

    Sing manut préntah-Mu,

    Ngluhurké jeneng-Mu,

    Wong-wong sing jujur, tulus ati,

    Sing t’rus setya ngabdi.

  3. 3. Yah krungu dongaku

    lan rasa syukurku.

    Seneng banget dadi kanca-Mu,

    Ngrasakké tresna-Mu.

    Kepéngin rasané

    kekancan s’lawasé.

    Yéhuwah kanca sing sejati,

    ’Ra ana liyané.