Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 46

Nuwun Yéhuwah

Nuwun Yéhuwah

(1 Tésalonika 5:18)

  1. 1. Nuwun Yéhuwah kanggo saben dina,

    Gusti Allah wis nuntun uripku.

    Nuwun Yéhuwah aku éntuk ndonga,

    Nyritakké kabèh isi atiku.

  2. 2. Nuwun Huwah wis mènèhi tebusan,

    Anak-Mu sing setya nganti mati.

    Nuwun Yéhuwah mènèhi tuntunan,

    Aku dadi isa terus ngabdi.

  3. 3. Nuwun Huwah aku isa martakké

    jeneng-Mu lan isi Kitab Suci.

    Nuwun Yah bakal mréntah saklawasé

    supaya kabèh wong diberkahi.