Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 7

Yéhuwah Gunung Watuku

Yéhuwah Gunung Watuku

(Yésaya 12:2)

  1. 1. Allah Yéhuwah, Gunung Watuku,

    Sing nylametké, sing nglindhungi aku.

    Aku seksi-Mu terus martakké,

    Meskipun ’ra ana sing ngrungokké.

    (REFREIN)

    Allah Yéhuwah, Gunung Watuku.

    Jeneng-Mu bakal tak mulyakké.

    Allah Yéhuwah kuwi bèntèngku.

    Aku yakin bakal dislametké.

  2. 2. Njenengan t’rus ngandhani umat-Mu,

    Bèn umat-Mu manut tuntunan-Mu.

    Aku bakal ngrungokké préntah-Mu

    lan terus ndhukung Kerajaan-Mu.

    (REFREIN)

    Allah Yéhuwah, Gunung Watuku.

    Jeneng-Mu bakal tak mulyakké.

    Allah Yéhuwah kuwi bèntèngku.

    Aku yakin bakal dislametké.

  3. 3. Aku seneng manut Yah Allahku,

    Meski Sétan terus nggodha aku.

    Oh Yéhuwah, tulungi abdi-Mu

    bèn t’rus setya lan mbéla jeneng-Mu.

    (REFREIN)

    Allah Yéhuwah, Gunung Watuku.

    Jeneng-Mu bakal tak mulyakké.

    Allah Yéhuwah kuwi bèntèngku.

    Aku yakin bakal dislametké.