Langsung mlebu

Panjenengan Diundang Mara ing Kompleks Bètel Amerika Serikat

Panjenengan Diundang Mara ing Kompleks Bètel Amerika Serikat

”Mara ing Bètel dadi pengalaman sing apik banget kanggoku lan bojoku.” Kuwi kandhané keluarga saka Vanuatu sakwisé teka ing kantoré Seksi-Seksi Yéhuwah ing Amerika Serikat. Puluhan éwu wong sing teka saben taun ngrasakaké sing padha.

Apa panjenengan wis tau mara ing kompleks Bètel Amerika Serikat? Yèn durung, panjenengan diundang.

Kompleks Bètel ana telu. Apa waé lan apa sing bisa didelok?

Kantor Pusat, Warwick, New York. Panjenengan bisa ndelok telung museum tanpa pemandhu. Museum sing kapisan jenengé ”Alkitab lan Asmané Gusti Allah”. Museum kuwi isiné Alkitab-Alkitab sing langka lan nduduhaké piyé asmané Gusti Allah tetep bisa ana ing Alkitab. Sing kapindho, museum ”Umat kanggo Asmané Yéhuwah”. Museum iki isiné gambar-gambar sing nduduhaké sejarahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Sing katelu yaiku museum ”Kantor Pusat​—Bukti Iman” sing nerangaké piyé Seksi-Seksi Yéhuwah diatur kanggo ngibadah bareng, sinau Alkitab, nginjil, lan nresnani siji lan sijiné. Panjenengan bisa mèlu tour 20 menit sing dikancani pemandhu kanggo ndelok Gedung Kantor lan Perlengkapan, lan lingkungan Warwick.

Pusat Pendidikan Menara Pengawal, Patterson, New York. Panjenengan bisa ndelok lokasi-lokasi sekolah, kaya Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal lan Sekolah kanggo Panitya Cabang lan Bojoné. Panjenengan uga bisa ndelok pertunjukan lan video sing nduduhaké bab kerjané kantor departemen, klebu Seni lan Audio/Video.

Percétakan lan Pengiriman, Wallkill, New York. Panjenengan bisa mèlu tour sing dikancani pemandhu kanggo ndelok piyé carané Alkitab lan wacan-wacan dicétak, dijilid, lan dikirim menyang jemaat-jemaat ing Amerika Serikat, kepulauan Karibia, lan panggonan liyané.

Piyé carané mèlu tour?

Panjenengan kudu ngisi formulir sing ana ing bagéan Katrangan Kantor lan Tour ing jw.org. Ing bagéan iki ana katrangan bab kompleks Bètel Amerika Serikat, klebu katrangan bab panggonan lan suwéné tour.

Sapa sing mandhu tour?

Sing mandhu tour yaiku para sedulur sing kerja ing departemen-departemen ing Bètel. Para sedulur mau nganggep yèn iki upaya kanggo ndhukung pendidikan Alkitab sakdonya. Tour iki ana ing akèh basa.

Mlebuné mbayar pira?

Ora mbayar.

Apa kudu dadi Seksi-Seksi Yéhuwah bèn bisa mèlu tour?

Ora. Sing wis tau mèlu tour malah akèh sing dudu Seksi Yéhuwah. Kabèh sing mèlu tour bakal éntuk katrangan bab upaya-upaya kanggo ndhukung gawéan Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya.

Wong wédok Muslim saka India teka ing Patterson. Kandhané, ”Aku seneng banget bisa mèlu tour. Matur nuwun merga sambutané apik banget.”

Apa bocah-bocah éntuk mèlu?

Éntuk. Bakal ana pengaruh apik kanggo cah-cah enom sing mara. John saka Amerika Serikat kandha, ”Bocah-bocah sing sak rombongan karo aku nyritakaké terus bab tour nganti tekan omah. Sakdurungé tour ora ngerti apa-apa bab Bètel, ning saiki bocah-bocah kuwi dadi péngin mlebu Bètel.”

Apa éntuk mara ing kantoré Seksi-Seksi Yéhuwah ing negara liya?

Éntuk. Supaya ngerti panggonané, deloken bagéan Katrangan Kantor lan Tour ing jw.org. Muga-muga panjenengan bisa mara lan mèlu tour ing salah sijiné kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah.