Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Klebu Protèstan?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Klebu Protèstan?

 Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi pancèn Kristen, ning dudu Protèstan. Apa sebabé?

 Agama Protèstan kuwi tegesé ”agama sing nentang agama Katolik Roma”. Senajan ora setuju karo ajarané Gréja Katolik, Seksi-Seksi Yéhuwah ora klebu Protèstan merga:

  1.   Akèh ajaran Protèstan ora cocog karo wulangané Alkitab. Contoné, Alkitab mulang nèk ”Gusti Allah iku asipat tunggal”, dudu Tritunggal. (1 Timotéus 2:5; Yokanan 14:28) Alkitab iya cetha mulang nèk wong jahat bakal ditumpes saklawasé, dudu diukum ing neraka.​—Jabur 37:9; 2 Tésalonika 1:9.

  2.   Seksi-Seksi Yéhuwah ora protès utawa péngin ngowahi ajarané Gréja Katolik utawa agama liyané. Tujuané Seksi-Seksi Yéhuwah yaiku martakaké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah, mbantu wong-wong supaya nduwé iman marang Kratoné Gusti Allah. (Matéus 24:14; 28:19, 20) Seksi-Seksi Yéhuwah kepéngin mulangké ajaran sing bener bab Gusti Allah lan Alkitab kanggo kabèh wong, dudu ngowahi ajarané agama liya.​—Kolosé 1:​9, 10; 2 Timotéus 2:​24, 25.