Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Sesat?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Agama Sesat?

 Ora, Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi dudu agama sesat. Malah, Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong-wong Kristen sing ngupaya niru Yésus lan ngetrapaké ajarané.

Agama sesat kuwi apa, ta?

 Saben wong nduwé panemu sing béda-béda bab kaya apa agama sesat kuwi. Ning, pikirna rong panemu sing umum bab agama sesat lan kena apa kuwi ora cocog kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah.

  •   Ana sing mikir agama sesat kuwi agama utawa kapercayan sing anyar. Seksi-Seksi Yéhuwah dudu agama anyar. Kosok baliné, Seksi-Seksi Yéhuwah mèlu cara ibadahé lan ajarané wong Kristen abad kapisan sing dicathet ing Alkitab. (2 Timotéus 3:​16, 17) Seksi-Seksi Yéhuwah yakin yèn Alkitab kuwi tuntunan sing bener kanggo ibadah.

  •   Ana sing mikir agama sesat kuwi aliran kapercayan sing mbebayani lan dipimpin karo manungsa. Seksi-Seksi Yéhuwah ora dipimpin karo manungsa. Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo wulangané Yésus, ”Mung siji Panutanmu, yaiku Sang Kristus.”​—Matéus 23:10.

 Seksi-Seksi Yéhuwah dudu agama sesat merga nindakaké ajaran sing mènèhi paédah kanggo anggotané lan wong liya. Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah wis mbantu wong-wong ninggalaké kebiyasaan nganggo narkoba lan seneng mendem. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngajari wong-wong bèn bisa maca lan nulis, lan mènèhi bantuan wektu ana bencana alam. Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya tenanan kanggo kepentingané wong liya, kaya sing diwulangaké Yésus.​—Matéus 5:​13-​16.