Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Perawatan Dhokter?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Perawatan Dhokter?

 Ya. Seksi-Seksi Yéhuwah gelem ditambani dhokter. Senajan wis njaga keséhatan, kadhang kala Seksi-Seksi Yéhuwah ”butuh dhokter”. (Lukas 5:31) Kaya wong Kristen abad kapisan sing jenengé Lukas, ana Seksi-Seksi Yéhuwah sing dadi dhokter.—Kolosé 4:14.

 Ana perawatan keséhatan sing ora cocog karo tuntunan ing Alkitab, mula ora ditampa karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah ora nampa tranfusi, merga Alkitab nglarang awaké dhéwé nggunakaké getih kanggo tamba. (Para Rasul 15:20) Alkitab uga nglarang golèk tamba ing dhukun.—Galati 5:19-21.

 Nanging, akèh perawatan keséhatan ora dilarang Alkitab. Mula, saben wong kudu mutusaké dhéwé. Ana Seksi Yéhuwah sing gelem nampa salah sijiné perawatan keséhatan, ning sing liya ora gelem nampa.—Galati 6:5.