Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Bahayané Rokok lan Vape?

Apa Bahayané Rokok lan Vape?

 ”Ing dhaérahku, mèh kabèh sing umuré durung nganti 25 wis tau ngrokok utawa nge-vape.”—Julia.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Pikirna faktané

  •   Kowé isa mati merga ngrokok. Nikotin sing ana ing tembakau isa nggawé kowé kecanduan. Menurut Direktorat Pencegahan dan Pengendalian Penyakit Tidak Menular Kementerian Kesehatan Republik Indonesia, penggunaan tembakau kuwi sing paling berbahaya kanggo keséhatané manungsa lan kuduné isa dihindari.

     ”Gawéanku nggunakké alat USG lan aku ndelok hasil USG-né wong-wong sing ngrokok. Wong-wong sing mbiyèné ngrokok pembuluh artériné tersumbat. Aku ora péngin awakku lara merga ngrokok.”—Theresa.

     Apa kowé ngerti? Ing rokok ana 7.000 zat kimia lan akèh-akèhé kuwi racun. Ngrokok marahi penyakit lan saben taun jutaan wong mati merga ngrokok.

  •   Wong-wong sing nge-vape kaya nglebokké racun ing tubuhé. Wong sing nge-vape utawa nganggo rokok èlèktrik paru-paruné isa rusak lan mati. Padha kaya rokok, akèh-akèhé produk vape ana nikotiné. Menurut artikel soal rokok èlèktrik, nikotin ”isa nyebabké cah-cah enom kecanduan obat-obatan liyané”.

     ”Ana produk vape sing rasané kaya permèn utawa buah-buahan sing biasané disenengi anak-anak lan cah-cah enom. Dadi pas nganggo vape, meréka ora sadhar nèk kuwi berbahaya.”—Miranda.

     Apa kowé ngerti? Asap rokok èlèktrik kuwi ora mung mengandung banyu, tapi ya ana zat-zat sing berbahaya. Nah, zat-zat sing berbahaya kuwi isa ngrusak paru-parumu.

 Bahayané ngrokok lan nge-vape

  1.  (1) Susah mikir, angèl konsèntrasi, lan émosiné berubah-ubah, terutama nèk isih anak-anak lan remaja

  2.  (2) Radang gusi lan gigi berlubang

  3.  (3) Radang paru-paru kronis lan penyakit jantung

     Penyakit asmané tambah parah

     Lara weteng lan mual

 Sing isa mbok upayakké

  •   Nggolèka informasi sing bener. Akèh wong ngomong nèk nge-vape ora berbahaya lan isa ngurangi strès. Aja langsung setuju karo pendapaté wong-wong. Kowé isa nggolèk informasi sing bener sik, bar kuwi lagi nggawé keputusan.

     Ayat: ”Wong sing ora nduwé pengalaman percaya karo kabèh omongané wong, ning wong sing pinter mikirké tenanan apa sing bakal ditindakké.”—Wulang Bebasan 14:15.

     ”Artis-artis utawa kanca-kancamu sing ngrokok utawa nge-vape mungkin kétoké ngrasa seneng. Tapi sakwisé kowé mikirké bahayané ngrokok utawa nge-vape, sakjané kuwi ora nggawé seneng tapi malah nambahi masalah.”—Evan.

     Pikirna: Apa cah-cah enom sing ngrokok utawa nge-vape bener-bener bahagia? Apa kuwi isa mbantu meréka ngatasi strès lan kekuwatiran? Utawa, apa kuwi malah nggawé dadi tambah akèh masalah?

  •    Nggolèka kegiatan sing bermanfaat kanggo ngurangi strès. Misalé olahraga, maca-maca, utawa ngobrol karo kanca sing isa mbantu kowé. Merga nduwé akèh kegiatan sing bermanfaat, kowé ora bakal péngin ngrokok.

     Ayat: ”Rasa kuwatir nggawé wong dadi ora semangat, ning omongan sing apik nggawé wong dadi semangat.”—Wulang Bebasan 12:25.

     ”Wong-wong mikir nèk ngrokok utawa nge-vape isa ngurangi strès. Tapi kuwi isa ngilangi strès mung sementara, lan malah dampak buruké sing bakal terus mbok rasakké. Sakjané ana akèh kegiatan sing bermanfaat kanggo ngilangi strès.”—Angela.

     Pikirna: Apa waé sing isa mbok upayakké kanggo ngatasi strès? Kowé isa maca saran-saran ing artikel ”Piyé Bèn Aku Ora Terlalu Kuwatir?” ing bagéan ”Pitakonané Cah Enom”.

Nèk kowé ngrokok utawa nge-vape kanggo ngatasi strès, kuwi padha kaya mlumpat ing laut bèn ora kudanan. Masalahé ora rampung, tapi malah tambah akèh.

  •    Kudu siap nolak godhaan. Isa waé kanca-kancamu ngejak kowé ngrokok utawa nge-vape. Kowé ya isa kegodha kanggo ngrokok merga nonton hiburan, film, acara TV, lan média sosial sing nduduhké nèk ngrokok isa nggawé kowé seneng lan kétok kerèn.

     Ayat: ”Wong sing wis déwasa . . . pikirané dilatih bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah.”—Ibrani 5:14.

     ”Pas aku sekolah, kanca-kancaku menghargai keputusanku kanggo ora ngrokok lan nge-vape. Sakwisé aku njelaské kenapa ora ngrokok, meréka malah mbéla aku. Dadi, nèk kowé wani nyritakké keputusanmu kuwi malah isa bermanfaat.”—Anna.

     Pikirna: Apa selama iki kowé wis isa nolak wektu dijak ngrokok karo kanca-kancamu? Nèk péngin ngerti saran-saran bèn isa nolak kuwi, kowé isa maca bagéan ”Rencana Tindakan” ing Pasal 15 saka buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis Jilid 2.

  •   Milih kanca sing apik. Nèk kowé milih kanca sing ora seneng ngrokok, meréka ora bakal ngongkon kowé kanggo ngrokok utawa nge-vape.

     Ayat: ”Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana, ning wong sing dadi kancané wong bodho bakal cilaka.”—Wulang Bebasan 13:20.

     ”Nèk nduwé kanca sing isa ngendhalèni diri lan nduwé tékad sing kuwat kanggo nglakoni sing bener, kowé mesthi dadi péngin niru meréka merga ngerti manfaaté nduwé sifat-sifat kuwi.”—Calvin.

     Pikirna: Apa kanca-kancamu ngekèki pengaruh sing apik bèn uripmu séhat? Utawa, apa meréka ngekèki pengaruh èlèk sing isa berbahaya kanggo keséhatanmu?

 Piyé nèk nganggo ganja?

 Akèh wong ngomong nèk ganja ora berbahaya, tapi kuwi ora bener.

  •   Cah-cah enom sing nggunakké ganja isa kecanduan. Ana penelitian sing nyebutké nèk wong-wong sing nganggo ganja isa ngalami kerusakan permanèn ing otaké lan marakké bodho.

  •   Menurut Badan Penyalahgunaan Zat dan Layanan Kesehatan Mental Amerika Serikat, ”wong-wong sing nganggo ganja bakal luwih kerep nduwé masalah karo keluarga lan kanca-kancané. Meréka kerep nduwé masalah ing sekolah lan panggonan kerjané. Terus ya ora nduwé rasa puas”.

     ”Aku mèh waé nganggo ganja kanggo ngatasi rasa kuwatirku. Tapi, pas aku mikirké nèk kuwi isa marahi kecanduan, ngentèkké dhuwit, lan ana pengaruhé kanggo keséhatanku, aku dadi ngerti nèk nganggo ganja mung nggawé kekuwatiranku dadi tambah parah.”—Judah.