Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Manfaaté Maca Alkitab​—Bagian 1: Ngerti Isiné

Manfaaté Maca Alkitab​—Bagian 1: Ngerti Isiné

 ”Aku jané péngin maca Alkitab, tapi males soalé kandel banget.”​—Briana, 15.

 Apa kowé ya ngrasa ngono? Deloken saran-saran ing kéné.

 Ngapa kok kudu maca Alkitab?

 Apa kowé ora seneng maca Alkitab? Mungkin kowé mikir nèk Alkitab kandel banget, tulisané cilik-cilik, terus ya ora ana gambaré. Kowé mungkin luwih seneng nonton TV utawa film daripada maca Alkitab.

 Nèk misalé kowé nemu pethi harta karun, mesthi kowé péngin ngerti isiné, ta?

 Alkitab kaya pethi harta karun. Ing kono ana akèh saran lan naséhat bèn kowé isa:

  •   Nggawé keputusan sing bener

  •   Rukun karo wong tuwamu

  •   Nduwé kanca sing apik

  •   Ora strès

 Meskipun Alkitab wis ditulis suwé banget, isiné isih ana manfaaté nganti saiki soalé ”kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah”. (2 Timotius 3:​16) Kuwi berarti naséhat sing ana ing Alkitab asalé ya saka Gusti Allah.

Alkitab kaya pethi harta karun. Ing kono ana akèh saran lan naséhat sing apik

 Piyé carané bèn ngerti isiné Alkitab?

 Cara pertama: macané urut. Nèk macané urut, kowé dadi nduwé gambaran isiné Alkitab. Misalé:

  •    Maca 66 buku urut saka Purwaning Dumadi nganti Wahyu.

  •    Maca sesuai urutan peristiwané.

 Saran: Ing Lampiran A7 ing Terjemahan Donya Anyar ana daftar urutan peristiwa pas Yésus ing bumi.

 Cara keloro: maca crita ing Alkitab sing sesuai karo kebutuhanmu. Misalé:

  •   Nèk kowé péngin nduwé kanca sing apik, wacanen crita soal Yonatan karo Daud. (1 Samuèl, bab 18-​20) Terus, garapen lembar kegiatan ”Cara Mendapatkan Sahabat yang Loyal” bèn kowé isa ngerti carané niru wong loro kuwi.

  •   Nèk kowé ora péngin gampang dipengaruhi, wacanen crita soal Yusuf. (Purwaning Dumadi, bab 39) Terus, garapen lembar kegiatan ”Cara Menolak Godaan . . . Yusuf​—Bagian 1” lan ”Tuduhan Palsu! Yusuf​—Bagian 2” bèn kowé isa ngerti carané niru Yusuf.

  •   Nèk kowé péngin ngerti manfaaté donga, wacanen crita soal Néhémia. (Néhémia, bab 2) Terus, garapen lembar kegiatan ”Allah Menjawab Doanya” bèn kowé isa ngerti carané niru Néhémia.

 Saran: Nggolèk panggonan sing tenang bèn luwih fokus wektu maca Alkitab.

 Cara ketelu: maca sing lagi péngin diwaca, terus mikirké carané ngetrapké. Bar maca, kowé isa mikirké iki:

  •    Ngapa kok iki ditulis ing Alkitab?

  •    Saka ayat iki aku isa ngerti apa soal Yéhuwah?

  •    Piyé carané ngetrapké ayat iki?

 Saran: Nggawé rencana. Tulisen tanggal pira arep mulai maca Alkitab ing Jadwal Maca Alkitab sing ana ing jw.org.