Langsung mlebu

Piyé Carané Bèn Isa Luwih Kenal karo Gusti Allah?

Piyé Carané Bèn Isa Luwih Kenal karo Gusti Allah?

Jawabané Alkitab

Njenengan isa luwih kenal karo Gusti Allah nèk sinau soal Dhèwèké lan nindakké apa waé sing Dhèwèké péngini. Nèk wis nindakké kuwi, Gusti Allah bakal ”nyedhak marang kowé”. (Yakobus 4:8) Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah ora adoh saka kita”.​—Kisah 17:27.

 Carané bèn isa luwih kenal karo Gusti Allah

Maca Alkitab

  • Kandhané Alkitab: ”Kabèh sing ditulis ing Kitab Suci asalé saka Gusti Allah.”​—2 Timotius 3:16.

  • Artiné: Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah. Dhèwèké nuntun manungsa kanggo nulis pikirané. Liwat Alkitab, Gusti Allah ngandhani apa sing Dhèwèké péngini. Gusti Allah ya nduduhké nèk Dhèwèké sayang karo manungsa, adil, lan seneng ngapura.​—Pangentasan 34:6; Pangandharing Torèt 32:4.

  • Sing kudu ditindakké: Njenengan kudu maca Alkitab saben dina. (Yusak 1:8) Njenengan ya perlu ngrenungké apa sing diwaca lan mikirké, ’Apa sing isa tak sinaoni saka ayat iki soal Gusti Allah?’​—Jabur 77:13.

    Contoné, wektu maca Yérémia 29:11 njenengan isa mikirké, ’Apa Gusti Allah péngin aku urip ayem tentrem lan nduwé masa depan sing apik?’

Ngamati ciptaan

  • Kandhané Alkitab: ”Wiwit donya iki digawé, manungsa isa ndelok kanthi cetha sipat-sipaté Gusti Allah sing ora kétok . . . merga sipat-sipat kuwi isa dipahami saka perkara-perkara sing digawé.”​—Roma 1:20.

  • Artiné: Kaya karya seni utawa mesin sing canggih isa nduduhké luwih akèh soal sing nggawé, awaké dhéwé ya isa ngerti sipat-sipaté Gusti Allah saka ciptaané. Contoné, awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah kuwi wicaksana saka rancangan otaké manungsa sing rumit lan kemampuané. Awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Gusti Allah nduwé kuwasa sing gedhé wektu ndelok bintang lan matahari.​—Jabur 104:24; Yésaya 40:26.

  • Sing kudu ditindakké: Njenengan isa ngamati ciptaané Gusti Allah sing ana ing alam semesta lan mikirké, ’Apa sing isa tak sinaoni saka rancangan sing luar biasa iki soal Gusti Allah?’ a Pancèn ora cukup nèk mung ngamati ciptaan. Mula, Gusti Allah mènèhi awaké dhéwé Alkitab bèn awaké dhéwé isa luwih kenal karo Dhèwèké.

Nggunakké jenengé Gusti Allah

  • Kandhané Alkitab: ”Bakal Sunpageri santosa awit wanuh marang asmaningSun. Yèn sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani.”​—Jabur 91:14, 15.

  • Artiné: Gusti Allah kandha, ”Ingsun iki Yéhuwah, yaiku asmaningSun.” (Yésaya 42:8) Yéhuwah ngandhani jenengé lan péngin wong-wong isa cedhak karo Dhèwèké. Yéhuwah perduli karo wong-wong sing ngerti lan nggunakké jenengé. bJabur 83:19; Maléakhi 3:16.

  • Sing kudu ditindakké: Nggunakké jeneng Yéhuwah ketimbang mung ngomong Gusti Allah.

Ndonga

  • Kandhané Alkitab: ”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmané.”​—Jabur 145:18.

  • Artiné: Yéhuwah cedhak karo wong-wong sing ndonga marang Dhèwèké. Donga kuwi bukti nèk awaké dhéwé ngajèni Gusti Allah.

  • Sing kudu ditindakké: Terusa ndonga. (1 Tésalonika 5:17) Critakna kabèh sing njenengan rasakké marang Gusti Allah.​—Jabur 62:9. c

Nduwé iman sing kuwat marang Gusti Allah

  • Kandhané Alkitab: ”Tanpa iman, wong ora bakal isa nyenengké Gusti Allah.”​—Ibrani 11:6.

  • Artiné: Awaké dhéwé kudu nduwé iman marang Gusti Allah bèn isa cedhak karo Dhèwèké. Alkitab kandha nèk nduwé iman marang Gusti Allah kuwi ora mung percaya nèk Gusti Allah kuwi ana. Ning, kuwi ya berarti awaké dhéwé kudu percaya karo pathokan lan janjiné. Dadi, rasa percaya kuwi penting banget bèn isa nduwé hubungan sing apik.

  • Sing kudu ditindakké: Iman kuwi dhasaré pengetahuan. (Roma 10:17) Dadi, njenengan kudu sinau Alkitab bèn isa yakin nèk Gusti Allah isa dipercaya. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu njenengan kanggo sinau Alkitab. d

Manut karo Gusti Allah

  • Kandhané Alkitab: ”Iki tegesé nresnani Gusti Allah, yaiku nèk kita nindakké préntah-préntahé.”​—1 Yohanes 5:3.

  • Artiné: Yéhuwah sayang karo wong-wong sing manut karo préntah-préntahé.

  • Sing kudu ditindakké: Wektu sinau Alkitab, gatèkna apa sing disenengi Gusti Allah lan apa sing disengiti. Njenengan ya isa mikirké, ’Apa sing kudu tak tindakké bèn isa nyenengké Gusti Allah?’​—1 Tésalonika 4:1.

Ngrasakké dhéwé nèk Gusti Allah kuwi apikan

  • Kandhané Alkitab: ”Mara pada ngrasakna lan nyawanga sapira gedhéné kasaénané Pangéran Yéhuwah iku.”​—Jabur 34:9.

  • Artiné: Gusti Allah péngin njenengan ngerti nèk Dhèwèké kuwi apikan. Wektu ngrasakké katresnan lan dhukungané Gusti Allah, njenengan mesthi péngin cedhak karo Dhèwèké.

  • Sing kudu ditindakké: Njenengan kudu ngetrapké apa sing wis diwaca ing Alkitab bèn isa éntuk manfaat. (Yésaya 48:17, 18) Njenengan ya isa sinau saka umaté Gusti Allah sing wis berhasil ngatasi masalah, nggawé perubahan ing urip, lan bahagia merga bantuané Gusti Allah. e

 Pandangan sing salah soal Gusti Allah

Pandangan sing salah: Awaké dhéwé ora isa cedhak karo Gusti Allah merga Dhèwèké kuwi mahakuwasa.

Faktané: Senajan Gusti Allah kuwi mahakuwasa, ning Dhèwèké péngin awaké dhéwé isa cedhak karo Dhèwèké. Ing Alkitab ana akèh conto wong-wong sing isa dadi sahabaté Gusti Allah.​—Kisah 13:22; Yakobus 2:23.

Pandangan sing salah: Awaké dhéwé ora bakal isa kenal karo Gusti Allah merga Gusti Allah kuwi angèl dipahami.

Faktané: Pancèn ana beberapa hal soal Gusti Allah sing angèl dingertèni, misalé Gusti Allah ora isa didelok. Ning, awaké dhéwé tetep isa kenal karo Gusti Allah. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu kenal karo Gusti Allah bèn isa éntuk urip saklawasé. (Yohanes 17:3) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti soal sipat-sipaté Gusti Allah, tujuané Gusti Allah wektu nggawé bumi lan manungsa , lan pathokan-pathokané. (Yésaya 45:18, 19; 1 Timotius 2:4) Saka Alkitab, awaké dhéwé ya isa ngerti jenengé Gusti Allah. (Jabur 83:19) Dadi, awaké dhéwé ora mung isa kenal karo Gusti Allah, ning awaké dhéwé ya isa dadi sahabaté.​—Yakobus 4:8.

a Nèk péngin ngerti soal kawicaksanané Gusti Allah ing alam semesta, deloken kumpulan artikel ”Apa Iki Dirancang?

b Arti jeneng Yéhuwah kuwi ”Sing Nyebabké Dadi”. Kuwi maksudé Yéhuwah isa nindakké apa waé sing Dhèwèké péngini. Yéhuwah bakal nepati kabèh janjiné.

d Kanggo katrangan luwih akèh, deloken vidéo Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Iku Kaya Apa?

e Deloken kumpulan artikel ”Kuwasané Alkitab”.