Mazmur 145:1-21

  • Muji Gusti Allah, Raja sing agung

    • ’Aku bakal nyritakké nèk Gusti Allah kuwi hébat banget’ (6)

    • ”Yéhuwah kuwi apikan karo kabèh ciptaané” (9)

    • ”Abdi-Mu sing setya bakal muji Njenengan” (10)

    • Pamréntahané Gusti Allah ana sakterusé (13)

    • Gusti Allah nyukupi sing dibutuhké (16)

Lagu pujian sing digawé Daud. א [Alef] 145  Oh Gusti Allahku lan Rajaku,+ aku bakal ngluhurké Njenengan. Aku bakal muji jeneng-Mu saklawasé.+ ב [Bet]   Saben dina aku bakal muji Njenengan.+ Aku bakal muji jeneng-Mu saklawasé.+ ג [Gimel]   Yéhuwah kuwi hébat lan pantes dipuji.+ Tumindaké hébat banget lan ora isa dipahami.+ ד [Dalet]   Wektu ndelok tumindak-Mu, wong-wong bakal muji Njenengan nganti turun-temurun. Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal tumindak-Mu sing hébat.+ ה [He]   Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal kekuwatan-Mu sing hébat,+Lan aku bakal mikirké soal tumindak-Mu sing luar biasa. ו [Waw]   Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal tumindak-Mu* sing luar biasa,Lan aku bakal nyritakké nèk Njenengan kuwi hébat banget. ז [Zayin]   Wong-wong kuwi bakal muji Njenengan merga Njenengan wis apikan banget,+Lan wong-wong kuwi bakal sorak-sorak merga Njenengan adil.+ ח [Het]   Yéhuwah kuwi apikan,* gampang mesakké,+Ora gampang nesu, lan nduwé katresnan* sing gedhé banget.+ ט [Tet]   Yéhuwah kuwi apikan karo kabèh ciptaané,+Lan sifaté sing gampang mesakké kétok saka kabèh tumindaké. י [Yod] 10  Oh Yéhuwah, kabèh ciptaan-Mu bakal ngluhurké Njenengan,+Lan para abdi-Mu sing setya bakal muji Njenengan.+ כ [Kaf] 11  Wong-wong kuwi bakal nyritakké soal pamréntahan-Mu sing mulya+Lan soal kekuwatan-Mu,+ ל [Lamed] 12  Bèn wong-wong ngerti soal tumindak-Mu sing hébat+Lan soal pamréntahan-Mu sing mulya.+ מ [Mem] 13  Pamréntahan-Mu bakal ana sakterusé,Lan Njenengan bakal mréntah nganti saklawasé.+ ס [Samekh] 14  Yéhuwah ndhukung kabèh wong sing ilang kekuwatané+Lan nyemangati kabèh wong sing susah.+ ע [Ayin] 15  Kabèh wong njaluk tulung marang Njenengan. Njenengan mènèhi pangan wong-wong kuwi pas wektuné.+ פ [Pe] 16  Njenengan nyukupi sing dibutuhké*Lan mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan.+ צ [Tsade] 17  Yéhuwah mesthi nindakké sing bener,+ Lan kabèh sing ditindakké mbuktèkké nèk Dhèwèké setya.+ ק [Qof] 18  Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké,+Yaiku sing tulus njaluk tulung marang Dhèwèké.+ ר [Res] 19  Dhèwèké mènèhi kabèh sing dipéngini wong-wong sing wedi marang* Dhèwèké.+ Dhèwèké ngrungokké dongané lan nylametké wong-wong kuwi.+ ש [Syin] 20  Yéhuwah nglindhungi kabèh wong sing sayang karo Dhèwèké,+Ning kabèh wong sing jahat bakal dipatèni.+ ת [Taw] 21  Aku bakal muji Yéhuwah.+ Kabèh sing urip* bakal muji jenengé sing suci nganti saklawasé.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kekuwatan-Mu”.
Utawa ”murah hati”.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah
Lit.: ”Njenengan mbukak tangan-Mu”.
Lit.: ”Kabèh daging”.