1 Samuèl 18:1-30

  • Persahabatané Daud lan Yonatan (1-4)

  • Kemenangané Daud nggawé Saul iri (5-9)

  • Saul ngupaya matèni Daud (10-19)

  • Daud nikah karo Mikhal anaké wédok Saul (20-30)

18  Wektu Yonatan krungu omongané Daud marang Saul, Yonatan+ lan Daud dadi sahabat sing akrab. Yonatan mulai nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+  Mulai dina kuwi, Saul ngongkon bèn Daud dadi abdiné lan ora ngéntukké Daud mulih menyang omahé bapaké.+  Terus Yonatan lan Daud nggawé perjanjian,+ merga Yonatan nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+  Yonatan nyopot jubahé sing tanpa lengen sing dienggo, terus mènèhké kuwi marang Daud. Daud ya diwènèhi klambi perangé, pedhangé, busur panahé, lan sabuké.  Bar kuwi, Daud maju perang. Ing endi waé Saul ngutus dhèwèké, Daud mesthi menang.*+ Mula, Saul ngangkat Daud dadi kepala prajurit.+ Kuwi nggawé kabèh rakyat lan para abdiné Saul dadi seneng.  Wektu Daud lan liyané bali sakwisé ngalahké wong Filistin, wong-wong wédok saka kabèh kutha ing Israèl padha metu nyambut Raja Saul karo nyanyi,+ nari, seneng-seneng, lan mainké rebana+ karo kecapi.  Wong-wong wédok padha ngrayakké kuwi karo nyanyi,”Saul matèni éwonan,Ning Daud matèni puluhan èwu.”+  Saul dadi nesu banget.+ Nyanyian kuwi nggawé dhèwèké jèngkèl. Saul kandha, ”Wong-wong kuwi ngomong nèk Daud matèni puluhan èwu, ning aku matèni éwonan. Bar iki, mesthi wong-wong kuwi bakal mènèhi Daud jabatan raja!”+  Mulai dina kuwi, Saul curiga terus karo Daud. 10  Sésuké, Gusti Allah nggawé pikirané Saul dadi ora tentrem.*+ Ing istanané, Saul mulai tumindak kaya wong édan.* Wektu kuwi, Daud lagi main harpa+ kaya biasané. Saul lagi nyekel tombaké.+ 11  Saul mikir, ’Daud bakal tak tancepké ing témbok!’ Mula Saul nguncalké tombaké,+ ning Daud isa lolos nganti ping loro. 12  Saul dadi wedi karo Daud, merga Yéhuwah nglindhungi Daud+ lan wis ninggalké Saul.+ 13  Mula, Saul ngongkon Daud lunga saka ngarepé lan ndadèkké Daud dadi pemimpiné wong sèwu. Terus, Daud mimpin pasukané.+ 14  Saben maju perang, Daud mesthi berhasil.*+ Yéhuwah nglindhungi dhèwèké.+ 15  Pas Saul ndelok Daud suksès terus, Saul dadi wedi karo Daud. 16  Ning, kabèh wong Israèl lan Yéhuda seneng karo Daud, merga Daud sing mimpin wong-wong kuwi perang. 17  Terus, Saul kandha marang Daud, ”Iki anakku wédok sing paling gedhé, jenengé Mérab.+ Dhèwèké bakal tak wènèhké kowé bèn dadi bojomu.+ Ning, kowé kudu terus mbuktèkké nèk kowé kendel lan maju ing perang-perangé Yéhuwah.”+ Saul mikir, ’Aja nganti aku sing nglawan Daud. Bèn wong Filistin waé sing ngalahké Daud.’+ 18  Daud njawab, ”Aku lan keluargané bapakku ing Israèl iki sapa, ta? Kok nganti aku isa dadi mantuné raja?”+ 19  Ning, Saul malah mènèhké Mérab anaké wédok bèn dadi bojoné Adrièl+ wong Méhola. Kuwi kelakon pas wektuné Saul kuduné mènèhké Mérab marang Daud. 20  Anaké wédok Saul sing jenengé Mikhal+ seneng karo Daud. Saul éntuk laporan soal kuwi, lan dhèwèké seneng banget. 21  Mula Saul mikir, ’Aku arep ngekèkké Mikhal marang Daud bèn Daud kejebak lan dipatèni wong Filistin.’+ Terus, Saul kandha manèh marang Daud, ”Saiki, kowé bakal tak dadèkké mantuku.”* 22  Bar kuwi, Saul ngongkon abdi-abdiné, ”Kowé meneng-meneng ngomonga marang Daud, ’Raja seneng karo kowé. Kabèh abdiné ya seneng karo kowé. Mula, mendhing kowé gelem dadi mantuné raja.’”* 23  Pas para abdiné Saul ngandhani Daud soal iki, Daud kandha, ”Apa rumangsamu dadi mantuné raja* kuwi gampang? Aku iki wong mlarat lan wong sing ora penting.”+ 24  Terus, para abdiné Saul kandha marang Saul soal apa sing diomongké Daud. 25  Wektu krungu kuwi, Saul kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Daud, ’Raja ora njaluk maskawin.+ Raja mung njaluk 100 kulit khitané+ wong Filistin kanggo mbales mungsuh-mungsuhé Raja.’” Kuwi siasaté Saul bèn wong Filistin matèni Daud. 26  Terus, para abdiné Saul nyampèkké omongan kuwi marang Daud. Daud setuju dadi mantuné Raja.*+ Sakdurungé wektu sing wis ditentokké, 27  Daud mangkat karo anak buahé lan matèni 200 wong Filistin. Terus, Daud mènèhké kulit khitané wong Filistin kuwi marang Raja bèn isa dadi mantuné.* Mula, Saul mènèhké Mikhal anaké wédok bèn dadi bojoné Daud.+ 28  Saul ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi Daud+ lan nèk Mikhal anaké wédok seneng banget karo Daud.+ 29  Iki nggawé Saul dadi saya wedi karo Daud. Saul dadi mungsuhé Daud sakjegé uripé.+ 30  Saben para pemimpin pasukané wong Filistin maju perang, Daud mesthi luwih berhasil* timbang kabèh abdiné Saul.+ Kuwi nggawé jenengé Daud saya dihormati.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”tumindaké Daud wicaksana”.
Lit.: ”roh jahat saka Gusti Allah nguwasani Saul”.
Utawa ”kaya nabi”.
Utawa ”tumindaké Daud wicaksana”.
Utawa ”bakal kerja sama karo aku liwat pernikahan”.
Utawa ”gelem kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.
Utawa ”Apa rumangsamu kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.
Utawa ”setuju kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.
Utawa ”bèn isa kerja sama karo Raja liwat pernikahan”.
Utawa ”tumindaké Daud luwih wicaksana”.