Injil Matius 26:1-75

  • Para imam nggawé rencana licik bèn isa matèni Yésus (1-5)

  • Minyak wangi diesokké ing sirahé Yésus (6-13)

  • Paskah sing terakhir lan Yésus dikhianati (14-25)

  • Perjamuan Dalu Gusti (26-30)

  • Ramalan soal Pétrus sing ora ngakoni Yésus (31-35)

  • Yésus ndonga ing Gètsemani (36-46)

  • Yésus ditangkep (47-56)

  • Diadili ing ngarepé Sanhèdrin (57-68)

  • Pétrus ora ngakoni Yésus (69-75)

26  Sakwisé ngomongké kuwi kabèh, Yésus ngomong karo murid-muridé,  ”Kowé ngerti nèk rong dina manèh ana Perayaan Paskah,+ lan kuwi wektuné Anaké manungsa ditangkep lan dihukum mati ing cagak.”+  Wektu kuwi, para imam kepala lan para pemimpin* bangsa kuwi ngumpul ing halaman omahé imam agung sing jenengé Kayafas.+  Wong-wong kuwi nggawé rencana licik+ bèn isa nangkep lan matèni Yésus.  Wong-wong kuwi kandha, ”Aja pas perayaan, mengko malah marakké gègèr.”  Wektu ing Bétani, Yésus ana ing omahé Simon sing mbiyèn lara kusta.+  Pas Yésus lagi mangan, ana wong wédok sing marani Yésus. Wong wédok kuwi nggawa botol saka watu isiné minyak wangi sing larang banget. Terus, minyak kuwi diesokké alon-alon ing sirahé Yésus.  Wektu ndelok kuwi, murid-murid nesu lan kandha, ”Ngapa kok minyaké dibuwang-buwang kaya ngono?  Kuwi kan isa diedol. Payuné mesthi larang. Terus, dhuwité isa diwènèhké wong mlarat.” 10  Wektu ngerti kuwi, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Ngapa kok kowé ngomong kaya ngono soal wong wédok iki? Dhèwèké wis apikan karo aku. 11  Wong mlarat mesthi bakal terus ana karo kowé,+ ning aku ora bakal terus ana karo kowé.+ 12  Sakjané, wong wédok kuwi ngesokké minyak wangi ing awakku iki kanggo nyiapké penguburanku.+ 13  Percayaa, ing endi waé kabar apik diumumké ing bumi, sing ditindakké wong wédok iki ya bakal dicritakké kanggo ngéling-éling dhèwèké.”+ 14  Terus, salah siji saka rasul 12, sing disebut Yudas Iskariot,+ nemoni para imam kepala.+ 15  Yudas kandha, ”Nèk aku nyerahké* Yésus, aku bakal mbok wènèhi apa?”+ Para imam kepala janji arep mènèhi 30 dhuwit pérak.+ 16  Dadi, mulai wektu kuwi, Yudas terus nggolèk kesempatan bèn isa nyerahké* Yésus. 17  Pas dina pertama Perayaan Roti Tanpa Ragi,+ murid-murid marani Yésus lan takon, ”Njenengan péngin aku nyiapké Paskah ing endi?”+ 18  Yésus njawab, ”Mlebua kutha Yérusalèm. Ing kana, kowé bakal ketemu karo kenalanku. Ngomonga karo wong kuwi, ’Guru kandha, ”Wektuku* wis cedhak. Aku arep ngrayakké Paskah karo murid-muridku ing omahmu.”’” 19  Mula, murid-murid nindakké kuwi kaya sing dipréntahké Yésus, terus murid-murid nyiapké Paskah. 20  Wektu wis bengi,+ Yésus lungguh lan mangan bareng karo muridé 12.+ 21  Pas isih mangan, Yésus ngomong, ”Percayaa, salah siji saka kowé bakal ngianati aku.”+ 22  Murid-murid dadi sedhih banget. Terus, saben wong mulai ngomong, ”Gusti, dudu aku, ta?” 23  Yésus njawab, ”Wong sing nyelupké rotiné ing mangkok iki bareng karo aku, ya kuwi wong sing bakal ngianati aku.+ 24  Anaké manungsa pancèn bakal lunga, kaya sing wis ditulis soal dhèwèké. Ning, cilaka+ wong sing ngianati Anaké manungsa.+ Mendhing wong kuwi ora usah lair waé.”+ 25  Yudas, sing bakal ngianati Yésus, kandha, ”Guru,* dudu aku, ta?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé wis ngerti jawabané.” 26  Wektu isih padha mangan, Yésus njupuk roti. Sakwisé ndonga,* Yésus nyuwil-nyuwil roti kuwi.+ Terus, Yésus mènèhké kuwi marang murid-muridé lan kandha, ”Jupuken lan panganen. Iki nglambangké badanku.”+ 27  Terus, Yésus njupuk gelas. Sakwisé ngucap syukur, Yésus mènèhké kuwi marang murid-muridé lan kandha, ”Ngombéa saka gelas iki.+ 28  Iki nglambangké getihku,+ yaiku ’getih kanggo perjanjian’,+ sing bakal diecurké kanggo manfaaté akèh wong+ bèn dosa-dosané diapura.+ 29  Kowé tak kandhani, aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti wektuné aku ngombé anggur sing anyar bareng karo kowé ing Kerajaané Bapakku.”+ 30  Sakwisé nyanyi lagu pujian,* Yésus lan murid-muridé lunga menyang Gunung Zaitun.+ 31  Terus, Yésus kandha karo murid-muridé, ”Bengi iki, kowé bakal kesandhung merga apa sing arep tak alami. Kitab Suci kandha, ’Aku bakal nyerang gembalané, lan domba-dombané bakal kocar-kacir.’+ 32  Ning, sakwisé aku diuripké manèh, aku bakal ndhisiki kowé menyang Galiléa.”+ 33  Pétrus njawab, ”Senajan kabèh kesandhung merga apa sing arep njenengan alami, aku ora bakal kesandhung.”+ 34  Yésus ngomong karo Pétrus, ”Percayaa, bengi iki, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ 35  Terus, Pétrus njawab, ”Senajan aku kudu mati karo njenengan, aku ora mungkin ngomong kaya ngono.”+ Murid-murid liyané ya ngomong kaya ngono. 36  Bar kuwi, Yésus karo murid-muridé tekan ing panggonan sing disebut Gètsemani.+ Yésus kandha marang murid-muridé, ”Lungguha ing kéné. Aku arep ndonga ing kana.”+ 37  Yésus ngejak Pétrus lan anaké Zébédéus loro. Yésus mulai ngrasa sedhih banget, lan atiné ora tenang.+ 38  Terus Yésus kandha, ”Aku sedhih banget. Rasané kaya arep mati. Kowé ing kéné waé. Aja turu, kancani aku melèk.”+ 39  Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus sujud lan ndonga,+ ”Bapakku, nèk isa, tulung singkirna gelas*+ iki saka aku. Tapi, sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké, dudu sing tak karepké.”+ 40  Terus, Yésus marani murid-muridé lan ndelok murid-muridé lagi turu. Yésus kandha marang Pétrus, ”Apa kowé ora isa ngancani aku melèk sak jam waé?+ 41  Kowé kudu terus jaga-jaga+ lan terus ndonga+ bèn kowé ora nyerah lan nindakké dosa.+ Tapi aku ngerti, senajan wong semangaté gedhé, ning awaké* ora kuwat nglakoni.”+ 42  Bar kuwi, Yésus lunga lan ndonga manèh, ”Bapakku, nèk iki ora mungkin disingkirké lan aku kudu ngombé iki, muga-muga karepé Njenengan sing kelakon.”+ 43  Yésus bali manèh lan ndelok murid-muridé lagi turu merga ngantuk banget. 44  Mula, Yésus ninggalké murid-muridé lan ndonga kanggo ping teluné. Yésus ngucapké donga sing padha kaya sakdurungé. 45  Terus, Yésus marani murid-muridé lan kandha, ”Kok isa kowé malah istirahat lan turu, padahal iki wektu sing penting? Saiki wektuné Anaké manungsa diserahké marang* wong dosa. 46  Ndang tangi, ayo lunga. Deloken kaé, sing ngianati aku wis teka.” 47  Wektu Yésus isih ngomong, Yudas, salah siji saka rasul 12, teka karo grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong kuwi dikongkon para imam kepala lan para pemimpiné* bangsa kuwi.+ 48  Wong sing ngianati kuwi wis mènèhi tandha. Dhèwèké kandha karo wong-wong kuwi, ”Wong sing tak ambung, ya kuwi wongé. Cekelen dhèwèké.” 49  Yudas langsung marani Yésus lan kandha, ”Salam, Guru.”* Terus, Yudas ngambung Yésus. 50  Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ngapa kowé mréné?”+ Terus, wong akèh mau maju lan nangkep Yésus. 51  Ujug-ujug, salah siji muridé Yésus ngetokké pedhangé, terus nyerang budhaké imam agung lan nyabet kupingé budhak kuwi nganti pothol.+ 52  Terus, Yésus ngomong karo murid kuwi, ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé.+ Kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.+ 53  Apa mbok pikir aku ora isa njaluk Bapakku bèn saiki nyedhiakké luwih saka 12 pasukan* malaékat?+ 54  Ning, nèk aku nindakké kuwi, apa tulisan ing Kitab Suci isa dadi kenyataan?” 55  Terus, Yésus kandha marang grombolan wong mau, ”Apa aku iki perampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang,+ ning kowé ora nangkep aku.+ 56  Tapi, kabèh iki kelakon supaya tulisané* para nabi dadi kenyataan.”+ Bar kuwi, kabèh murid mlayu ninggalké Yésus.+ 57  Wong-wong sing nangkep Yésus nggawa Yésus menyang omahé Imam Agung Kayafas.+ Ing kana, para ahli Taurat lan para pemimpin* wis ngumpul.+ 58  Pétrus ngetutké Yésus saka kadohan nganti ing halaman omahé imam agung. Sakwisé mlebu, dhèwèké lungguh bareng karo para pembantu kanggo ndelok apa sing bakal kelakon.+ 59  Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk seksi palsu bèn isa nudhuh Yésus. Kabèh wong kuwi péngin ngukum mati Yésus.+ 60  Tapi, senajan ana akèh seksi palsu,+ wong-wong kuwi ora nemokké bukti apa-apa. Terus, ana seksi loro maju. 61  Seksi kuwi kandha, ”Wong iki ngomong, ’Aku isa ngambrukké baité Gusti Allah lan isa tak bangun manèh ing wektu telung dina.’”+ 62  Terus, imam agung ngadeg lan kandha, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki?”+ 63  Ning, Yésus meneng waé.+ Mula, imam agung kandha, ”Kowé kudu nggawé sumpah demi Gusti Allah sing urip lan ngandhani aku apa kowé Kristus, Anaké Gusti Allah.”+ 64  Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké. Ning, kowé tak kandhani: Kèt saiki, kowé bakal ndelok Anaké manungsa+ lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing Mahakuwasa+ lan ndelok dhèwèké teka nganggo méga-méga langit.”+ 65  Terus, imam agung nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Dhèwèké wis ngrèmèhké Gusti Allah. Kanggo apa nggolèk seksi-seksi manèh? Kowé wis krungu dhéwé ta nèk wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. 66  Saiki, dhèwèké kudu diapakké?” Wong-wong kuwi njawab, ”Dhèwèké pantes mati.”+ 67  Wong-wong kuwi njotosi Yésus+ lan ngidoni wajahé.+ Sing liyané ngantemi* wajahé Yésus+ 68  karo kandha, ”Hé Kristus, nèk kowé nabi, coba kandhanana aku sapa sing ngantemi* kowé?” 69  Wektu Pétrus lungguh ing njaba, ing halaman, ana pembantu wédok marani dhèwèké lan kandha, ”Kowé kan kancané Yésus, wong Galiléa kuwi, ta?”+ 70  Ning, Pétrus ora ngaku. Ing ngarepé kabèh wong kuwi, dhèwèké kandha, ”Dudu. Kowé kuwi ngawur.” 71  Wektu dhèwèké metu menyang cedhaké gerbang, ana wong wédok liya sing tau ndelok Pétrus. Dhèwèké ngandhani wong-wong ing kono, ”Wong iki kancané Yésus wong Nazarèt.”+ 72  Pétrus ora ngaku manèh lan sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” 73  Ora let suwé, wong-wong sing ana ing kono nyedhaki Pétrus lan kandha, ”Kowé mesthi salah siji saka muridé, ta? Kétok banget saka logatmu.”* 74  Ning, Pétrus ora ngaku.* Dhèwèké sumpah, ”Aku ora kenal wong kuwi.” Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk. 75  Pétrus langsung kèlingan omongané Yésus, ”Sakdurungé jago kluruk, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+ Pétrus lunga saka kono lan nangis sesenggukan.

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”ngianati”.
Utawa ”ngianati”.
Utawa ”Wektu sing wis ditentokké kanggo aku”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Sakwisé ngucapké berkah”.
Utawa ”nyanyi himne; mazmur”.
”Gelas” nglambangké karepé Gusti Allah, yaiku ngijinké Yésus dipatèni merga ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah.
Lit.: ”dagingé”, maksudé keadaané manungsa sing dosa lan ora sampurna.
Utawa ”dikhianati”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”lègiun”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ayat-ayaté”.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”ngamplengi”.
Utawa ”dialèkmu”.
Lit.: ”Pétrus ngutuk”.