Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Janji-janjiné Sang Pencipta

Janji-janjiné Sang Pencipta

Gusti Allah wis janji nèk sedhéla manèh donya iki bakal dadi luwih apik. Mengko ora ana manèh wong sing susah, lan wong-wong bakal bahagia ing bumi. (Mazmur 37:11) Apa janjiné kuwi isa dipercaya? Ya, merga ”Gusti Allah ora kaya manungsa sing isa ngapusi”. (Wilangan 23:19) Gatèkna apa waé sing bakal ditindakké Sang Pencipta.

Gusti Allah Bakal Nyingkirké Wong Jahat

”Senajan wong jahat saya akèh kaya suket sing thukul lan wong sing nindakké kejahatan saya makmur, ning akhiré wong-wong kuwi bakal disingkirké saklawasé.”​—MAZMUR 92:7.

Kaya sing dijelaské ing artikel sakdurungé, saiki wong jahat saya suwé saya akèh. Awaké dhéwé kuduné ora nggumun, soalé iki wis diramalké ing Alkitab. Loro Timotius 3:1-5 kandha nèk pas ”akhir jaman” wong-wong bakal dadi saya jahat. Ngapa kok disebut akhir jaman? Merga sedhéla manèh wong-wong sing ora gelem manut Gusti Allah lan ora gelem mertobat bakal disingkirké karo Gusti Allah. Mengko sing urip ing bumi mung wong-wong sing apik, yaiku sing gelem manut karo Gusti Allah. ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”​—Mazmur 37:29.

Gusti Allah Bakal Nyingkirké Sétan

”Gusti Allah sing nggawé kowé ayem bakal ngremuk Sétan.”​—ROMA 16:20.

Nèk wong jahat wis disingkirké, terus Sétan lan malaékat-malaékat sing jahat liyané ya disingkirké, bumi bakal ayem tentrem. Sang Pencipta janji, ”Ora ana sing bakal nggawé wedi.”​—Mikha 4:4.

Gusti Allah Bakal Nyingkirké Penyakit lan Kematian

”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa . . . Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong- wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh.”​—WAHYU 21:3, 4.

Saiki, akèh sing susah lan lara gara-gara Sétan, dosané Adam karo Hawa, lan merga awaké dhéwé ora sampurna. Tapi, mengko kuwi kabèh bakal disingkirké karo Gusti Allah. Terus, ”kematian ya ora bakal ana manèh”. Wong-wong sing gelem manut lan cedhak karo Gusti Allah bakal urip saklawasé. Tapi mengko uripé ing endi?

Sang Pencipta Bakal Nggawé Bumi Dadi Firdaus

”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”​—YÉSAYA 35:1.

Nèk kabèh sing jahat wis disingkirké Gusti Allah, buminé bakal dadi firdaus, utawa panggonan sing nyenengké. Ing endi-endi mengko bakal dadi taman sing apik banget, lan tanahé ya subur, terus isa ngasilké akèh bahan pangan. (Mazmur 72:16) Danau, sungai, lan lauté mengko bakal dadi resik lan akèh makhluk hidupé. Buminé mengko bakal bener-bener bébas polusi. Wong-wong bakal mbangun omah, terus dienggoni dhéwé. Kabèh bakal nduwé omah, lan ora ana sing miskin utawa kelaparan.​—Yésaya 65:21, 22.

Gusti Allah Bakal Nguripké Wong Mati

”Gusti Allah bakal nguripké [wong-wong] manèh.”​—KISAH 24:15.

Apa njenengan péngin ketemu manèh karo wong-wong sing ditresnani sing wis mati? Gusti Allah bakal nguripké wong-wong kuwi manèh ing bumi sing wis dadi firdaus. Mengko njenengan isa ngenali keluarga utawa kanca-kanca sing diuripké, terus wong-wong kuwi ya isa ngenali njenengan. Kuwi mesthi nyenengké banget. Awaké dhéwé isa yakin nèk kuwi bakal bener-bener kelakon. Kenapa? Merga ing Alkitab dicritakké ana wong-wong sing tau diuripké manèh karo Gusti Allah, lan beberapa peristiwa kuwi ana seksiné akèh. Sing diuripké manèh kuwi ana sing isih anak-anak lan ana sing déwasa, terus wong-wong kuwi isa ketemu manèh karo keluargané.​—Lukas 8:49-56; Yohanes 11:11-14, 38-44.