Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Njenengan Isa Kenal lan Cedhak karo Gusti Allah

Njenengan Isa Kenal lan Cedhak karo Gusti Allah

Sang Pencipta ora mung mahakuwasa, tapi ya nduwé sifat-sifat sing apik. Dhèwèké péngin awaké dhéwé kenal karo Dhèwèké lan dadi kancané. (Yohanes 17:3; Yakobus 4:8) Makané Gusti Allah ngandhani bèn awaké dhéwé isa kenal karo Dhèwèké.

Sang Pencipta Nduwé Jeneng

”Muga-muga wong-wong ngerti nèk mung Njenengan sing Mahaluhur ing bumi, sing jenengé Yéhuwah.”​—MAZMUR 83:18.

Ing Alkitab dijelaské nèk Yéhuwah kuwi siji-sijiné Gusti Allah sing bener. Dhèwèké kuwi sing nyiptakké alam semesta lan kabèh makhluk hidup. Mung Dhèwèké sing kuduné disembah.​—Wahyu 4:11.

Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Sayang karo Ciptaané

”Gusti Allah kuwi katresnan.”​—1 YOHANES 4:8.

Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti sifat-sifaté Yéhuwah. Sifat-sifaté kuwi ya kétok saka ciptaané. Sifaté Yéhuwah sing utama kuwi katresnan. Dadi nèk Yéhuwah mèh ngapa waé, kuwi mesthi merga sayang karo ciptaané. Saya kenal karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal saya sayang karo Dhèwèké.

Yéhuwah Kuwi Gusti Allah sing Seneng Ngapura

”Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura.”​—NÉHÉMIA 9:17.

Yéhuwah ngerti nèk awaké dhéwé iki ora sampurna. Makané nèk awaké dhéwé nggawé kesalahan, Dhèwèké ”siap ngapura”. Nèk awaké dhéwé gelem njaluk ngapura lan ora mbalèni kesalahané, Dhèwèké bakal ngapura lan nglalèkké kesalahané awaké dhéwé.​—Mazmur 103:12, 13.

Yéhuwah Péngin Awaké Dhéwé Ndonga

”Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké . . . Dhèwèké ngrungokké dongané . . . wong-wong kuwi.”​—MAZMUR 145:18, 19.

Nèk arep nyembah Yéhuwah ora perlu nganggo ritual khusus utawa benda-benda sing dienggo perantara. Yéhuwah ngrungokké dongané awaké dhéwé, kaya wong tuwa sing gelem ngrungokké lan sayang karo anaké.