Langsung mlebu

AYAT-AYAT ALKITAB DIJELASKÉ

2 Timotius 1:7​—”Awit kang Diparingaké déning Gusti Allah marang Kita Iku Dudu Rohing Kajirihan”

2 Timotius 1:7​—”Awit kang Diparingaké déning Gusti Allah marang Kita Iku Dudu Rohing Kajirihan”

 ”Roh suci sing diwènèhké Gusti Allah marang awaké dhéwé ora nggawé awaké dhéwé wedi, ning kuwi mènèhi awaké dhéwé kuwasa, katresnan, lan pertimbangan sing apik.”​—2 Timotius 1:7, Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar.

 ”Awit kang diparingaké déning Gusti Allah marang kita iku dudu rohing kajirihan, nanging roh kang nukulaké kakuwatan, katresnan lan katertiban.”​—2 Timotius 1:7, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi.

Artiné 2 Timotius 1:7

 Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé bèn isa nglakoni apa sing bener meskipun kuwi ora gampang.

 Bèn awaké dhéwé isa nglakoni apa sing bener, Gusti Allah ngekèki apa waé?

 ”Kuwasa.” Meskipun ngadhepi keadaan sing ora gampang lan dimungsuhi, wong-wong Kristen jaman mbiyèn isa tetep setya. (2 Korintus 11:23-27) Kok isa? Rasul Paulus ngomong, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.” (Filipi 4:13) Dadi, Gusti Allah isa mènèhi ”kekuwatan sing luar biasa” bèn awaké dhéwé isa tetep setya.​—2 Korintus 4:7.

 ”Katresnan.” Nèk sayang karo Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi berupaya bèn isa tetep setya. Terus nèk sayang karo wong liya, awaké dhéwé bakal ngutamakké meréka, malah nganti réla mati.​—Yohanes 13:34; 15:13.

 ”Pertimbangan sing apik.” Wong sing nduwé pertimbangan sing apik berarti isa nggawé keputusan sesuai pathokan ing Alkitab. Meskipun lagi ngadhepi masalah, dhèwèké isa tetep nggawé keputusan sing bener, merga dhèwèké péngin tetep setya.

Latar Belakangé 2 Timotius 1:7

 Buku Loro Timotius kuwi suraté Paulus kanggo Timotius. Paulus nulis surat kuwi merga péngin nyemangati Timotius. (2 Timotius 1:1, 2) Kétoké, Timotius kuwi wongé isinan. Dadi, dhèwèké isa waé ngrasa ora mampu nglakoni tugas ing jemaat. (1 Timotius 4:12) Mula, Paulus ngélingké Timotius nèk tugasé dadi pengawas lan kanggo nginjil kuwi penting banget. Dadi, Timotius kudu kendel lan tetep semangat bahkan meskipun ana tantangan.​—2 Timotius 1:​6-8.

 Mémang surat iki ditulis kanggo Timotius, ning isiné ya isa bermanfaat kanggo awaké dhéwé saiki. Meskipun ngadhepi tantangan, awaké dhéwé isa tetep setya merga Gusti Allah mesthi mbantu.