Mazmur 40:1-17

  • Ngucap syukur marang Gusti Allah sing ora ana tandhingané

    • Kegiatané Gusti Allah kuwi terlalu akèh kanggo dicritakké (5)

    • Korban dudu sing paling penting kanggoné Gusti Allah (6)

    • ”Aku seneng nindakké kepénginan-Mu” (8)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 40  Aku berharap tenan marang* Yéhuwah. Dhèwèké nggatèkké lan ngrungokké wektu aku njaluk tulung.+   Dhèwèké ngetokké aku saka lubang banyu sing alirané deres,Saka rawa sing kebak lumpur. Dhèwèké nggawé aku ngadeg ing tebing. Dhèwèké nggawé aku mlaku ing lemah sing garing.   Terus Dhèwèké ngajari aku lagu anyar,+Lagu pujian kanggo Gusti Allahé awaké dhéwé. Akèh sing bakal ndelok apa sing ditindakké Gusti AllahLan dadi percaya marang Yéhuwah.   Wong sing bahagia kuwi wong sing percaya karo Yéhuwah,Ora mèlu-mèlu wong sing mbrontak, lan ora mèlu-mèlu wong sing seneng ngapusi.*   Oh Yéhuwah Gusti Allahku,Njenengan terus mikirké aku,Lan Njenengan wis nindakké akèh kegiatan sing luar biasa kanggo aku.+ Ora ana sing isa nandhingi Njenengan.+ Aku péngin nyritakké lan ngomongké kabèh sing mbok tindakké,Ning kabèh kuwi terlalu akèh kanggo dicritakké.+   Njenengan ora péngin*+ korban lan persembahan,Ning Njenengan mbantu aku bèn isa ngrungokké lan paham karo préntah-Mu.+ Njenengan ora njaluk persembahan bakaran lan persembahan dosa.+   Terus aku ngomong, ”Aku wis teka. Ing gulungan,* ana tulisan soal aku.+   Oh Gusti Allahku, aku seneng* nindakké kepénginan-Mu,+Lan hukum-Mu ana ing atiku.+   Aku nyritakké kabar apik soal keadilan-Mu ing jemaat sing akèh banget wongé.+ Oh Yéhuwah, Njenengan ngertiNèk aku ora meneng waé.+ 10  Keadilan-Mu ora mung tak simpen ing atiku. Aku nyritakké nèk Njenengan kuwi setya lan nylametké umat-Mu. Ing jemaat sing akèh banget wongé, aku terus nyritakké nèk Njenengan kuwi bener,+Lan nyritakké katresnané Njenengan.”* 11  Oh Yéhuwah, tulung Njenengan terus mesakké aku. Muga-muga Njenengan nglindhungi aku+ merga Njenengan kuwi setya lan nduwé katresnan.* 12  Kesusahan sing tak alami akèh banget.+ Kesalahanku akèh banget nganti ora isa tak étung.+ Jumlahé luwih akèh timbang rambut ing sirahku. Kuwi sebabé aku dadi putus asa. 13  Oh Yéhuwah, tulung slametna aku.+ Oh Yéhuwah, cepet tulungana aku.+ 14  Muga-muga kabèh wong sing péngin matèni akuDigawé isin lan dirèmèhké. Muga-muga wong sing seneng nèk aku susahPadha mlayu lan direndhahké. 15  Muga-muga wong sing ngécé akuPadha kagèt lan isin. 16  Ning, muga-muga wong sing nggolèk tuntunan-Mu+Padha seneng merga Njenengan.+ Muga-muga wong sing berharap mbok slametké terus-terusan kandha,”Muga-muga Yéhuwah diluhurké.”+ 17  Muga-muga Yéhuwah nggatèkké akuMerga aku mlarat lan susah. Njenengan kuwi sing nulungi lan sing nylametké aku.+ Oh Gusti Allahku, cepet tulungi aku.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”sabar ngentèni”.
Utawa ”sing percaya karo keterangan sing ora bener”.
Utawa ”ora seneng”.
Lit.: ”gulungan kitab”.
Utawa ”péngin banget”.
Utawa ”katresnané Njenengan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.