Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Nyedhaka marang Gusti Allah, lan Panjenengané bakal nyedhak marang kowé.”​—Yakobus 4:8

Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Awaké Dhéwé?

Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Awaké Dhéwé?

Apa njenengan ragu nèk Gusti Allah ngrungokké dongané njenengan? Nèk ragu, njenengan ora dhèwèkan. Akèh wong wis ndonga karo Gusti Allah soal masalahé. Ning, masalahé tetep isih ana. Apa kuwi berarti Gusti Allah ora ngrungokké dongané awaké dhéwé? Ora ngono. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk ndonga nggunakké cara sing bener, Gusti Allah bakal ngrungokké. Gatèkna apa kandhané Alkitab.

GUSTI ALLAH BENER-BENER NGRUNGOKKÉ.

”Paduka ingkang midhangetaken pandonga. Sadaya ingkang gesang sowan wonten ing ngarsa Paduka.”​—Jabur 65:3.

Ana sing ora yakin nèk dongané dirungokké. Wong-wong kuwi ndonga mung bèn ngrasa luwih tenang. Ning, awaké dhéwé ndonga ora mung bèn isa ngrasa luwih tenang lan isa ngadhepi masalah. Alkitab nggawé awaké dhéwé yakin nèk ”Pangéran Yéhuwah * celak karo saben wong kang nyebut marang asmané, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengané kalawan setya. Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah . . . dipiyarsakaké [utawa, dirungokké] pasambaté”.​—Jabur 145:18, 19.

Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngrungokké dongané umaté. Dhèwèké kandha, ”Samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani [utawa, nuruti] panyuwunira iku.”​—Yérémia 29:12.

GUSTI ALLAH PÉNGIN NJENENGAN NDONGA MARANG DHÈWÈKÉ.

”Ndongaa kanthi tekun.”​—Roma 12:12.

Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’terus ndonga’ lan ’ndonga ing saben kesempatan’. Iki nduduhké nèk Gusti Allah Yéhuwah péngin awaké dhéwé ndonga marang Dhèwèké.​—Matius 26:41; Éfésus 6:18.

Apa sebabé Gusti Allah péngin awaké dhéwé ndonga? Pikirna: Apa ana bapak sing ora seneng dijaluki tulung karo anaké? Bapaké mungkin wis ngerti apa sing dibutuhké lan sing dirasakké anaké. Ning, wektu krungu langsung anaké njaluk tulung, kuwi nduduhké nèk anaké cedhak lan percaya karo bapaké. Dadi, wektu awaké dhéwé ndonga marang Gusti Allah Yéhuwah, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé percaya lan péngin cedhak karo Dhèwèké.​—Wulang Bebasan 15:8; Yakobus 4:8.

GUSTI ALLAH BENER-BENER PERDULI KARO NJENENGAN.

”Pasrahna kabèh kuwatirmu marang Gusti Allah, merga Panjenengané nggatèkké kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

Gusti Allah péngin awaké dhéwé ndonga merga Dhèwèké sayang lan perduli karo awaké dhéwé. Gusti Allah ngerti kabèh masalah lan apa sing awaké dhéwé kuwatirké. Dhèwèké péngin mbantu awaké dhéwé.

Raja Daud kerep ndonga marang Gusti Allah Yéhuwah kanggo nyritakké apa sing dipikirké, sing dirasakké, lan kanggo njaluk bantuané Yéhuwah. (Jabur 23:1-6) Gusti Allah sayang karo Daud lan ngrungokké kabèh dongané. (Kisah 13:22) Merga perduli, Gusti Allah ya ngrungokké donga-dongané awaké dhéwé.

”AKU TRESNA MARANG SANG YÉHUWAH AWIT MIYARSAKAKÉ SWARAKU”

Kuwi kata-katané salah siji penulis buku Jabur. Dhèwèké yakin nèk Gusti Allah ngrungokké dongané. Hasilé, dhèwèké dadi luwih cedhak karo Gusti Allah lan kuwat wektu ngadhepi masalah.​—Jabur 116:1-9.

Awaké dhéwé péngin terus ndonga marang Gusti Allah merga yakin nèk Dhèwèké bakal ngrungokké. Gatèkna pengalamané Pedro, sing manggon ing Spanyol bagéan utara. Anaké lanang sing umuré 19 taun mati merga kecelakaan. Wektu sedhih, Pedro ndonga marang Gusti Allah lan nyritakké kabèh sing dirasakké. Pedro terus njaluk bantuané Yéhuwah bèn kuwat ngadhepi masalah iki. Pedro kandha, ”Yéhuwah njawab dongaku. Aku karo bojoku ngrasakké bantuané Yéhuwah liwat para sedulur.”

Yéhuwah kerep njawab donga-dongané awaké dhéwé liwat kanca sing perduli

Senajan anaké ora urip manèh, ning donga bener-bener mbantu keluargané Pedro. Bojoné Pedro sing jenengé María Carmen, kandha, ”Donga mbantu aku isa tetep tabah. Wektu ndonga, aku ngrasa tenang lan ayem. Kuwi bukti nèk Yéhuwah ngerti apa sing tak rasakké.”

Saka Alkitab lan pengalamané wong-wong, awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah ngrungokké donga. Ning, ora kabèh donga dijawab karo Gusti Allah. Apa sebabé Gusti Allah ora njawab kabèh donga?

^ par. 5 Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Jabur 83:19.